Kelendi Nulis Aran Gusti Pengeran ring Basa Using?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 Juli 2022 08:10 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Kelendi Quran Basa Using mesthine nulis aran Gusti Pengeran? Hang bener Gusti Allah tah Gusti Alloh?
1. Ring tulisan iki (lan uga hang ana ring Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia karangane ruwahe pak Hasan Ali), simbol fonetis [A] kanggo uni kaya [jAwA] hang ditulis nganggo simbol fonemis /jawa/ lan simbol fonetis [a] dienggo uni kaya [sawah] hang ditulis nganggo simbol fonemis /sawah/.
2. Kadhung miloni Pedoman Ejaan basa Using baku, fonem /a/ hang panggonane ana ring pungkasan ucap, diunekaken [o], kadhung ring kamus Using-Indonesia ditulis kelawan simbol fonetis [A], kaya ring ucap:
/bala/ [bAlA] 'teman yang membela'
/sapa/ [sApA] 'siapa'
nduwe kanca alofon (yaiku uni hang beda taping hing nggawe bedane artine) /a/ kaya ring ucap /sawah/. Maksude gedigi:
ucap /bala/ [bAlA] kadhung ulih imbuhan /e-ne/, unine uwah dadi /a/ [balane] dudu [bAlAne]*. Unine beda antarane [bAlA] ambi [balane], taping artine padha. Mangkane uni iku ditulis kelawan simbol hurup fonemis hang padha yaiku /a/.
Panggonan fonem hang ana ring pungkasan iki diarani ring posisi terbuka.
2. Dene fonem /a/ mau kadhung ana konsonan hang mateni ring mburi dhewek diarani posisi tertutup. Saben ring panggonan tertutup, uni [A] mau mesthi dadi uni [a].
Tuladhane:
/balak/ 'bencana'
/sapar/ 'salah satu bulan Jawa'
Conto liyane:
/sawa/ v /sawah/
/tawa/ vs /tawas/
/sara/vs /sarat/
/sapa/ vs /sapar/
/tamba/ vs /tamban/
/lara/ vs /larat/
/sara/ vs /sarap/
/tuma/ vs /tuman/
Bisa dideleng, saben /a/ hang ana pungkasan (posisi terbuka) diunekaken [A] lan sakkal uwah dadi [a] kadhung ditutup konsonan (posisi tertutup).
3. Kadhung nulis uni [oh] mesthi nganggo [-oh] merga kadhung ditulis nganggo /-ah/, nganggo prinsip hang diomongaken ring nomer loro nong ndhuwur mau, unine dadi [-ah].
Tuladha:
/toh/ 'tandha lahir; taruhan' vs /tah/ 'jenis partikel'
/woh/ 'buah' vs /wah/ 'kata interjeksi'
Tuladha liyane:
/amoh/ 'rusak; rombeng'
/adoh/ 'jauh'
4. Kesimpulane:
Kadhung nulis ucap hang nduweni arti Gusti Pengeran 'Tuhan' ring basa Using mesthine ditulis: /Alloh/, wis kaya pengucapane, merga kadhung ditulis /Allah/ /a/ hang ana ring posisi tertutup dadi uni /a/ dudu [A], muni /allah/ dudu /alloh/.
Kadhung ditulis /Alla/ bain kelendi makene muni [allo]? Hing bisa merga ring basa aseline tulisane /l l h/ ana hurup /h/ ring pungkasane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.