Keletik Ilang Dipangan Jaman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Juni 2026 07:47 WIB)
- Opini



Ditulis ring Heni Kurniawati lan Satria Pujangga

Kelendi-kelendiya teknologi suwi-suwi nguwah sithik akehe carane wong urip. Hing bisa dipenggak. Umpamane ring Banyuwangi, kira-kira sedurunge taun 2000an, wong Banyuwangi magih akeh hang nggawe lenga dhewek.
  Nggawe lenga arane ngeletik. Kadhung kelapane akeh, arane ngeletik kadhung mung cuma kelapa siji tah loro ana istilahe dhewek yaiku sat-sat/ngesat-sat, biyasahe mung arep dienggo gawe lenga baceman, lenga enggo pijet/urut.
    Peroses ngeletik iki ana bagiyan hang kudu santeni sampek sewengian, kura-kira enem jam-an. Sing bisa using. Mangkane wong-wong ngerasa ngeletik 10 kelapa tah 50 wektune padha bain.
    Lenga keletikan iki saiki akeh disiluri lenga pabrikan, dudu teka kelapa naming kelapa sawit. Ana hang ngomong lenga keletik biyasah lebih sehat timbang lenga pabrikan. Saiki malah ana pabrik hang nyedhiani lenga keletik hang regane lebih larang timbang lenga sawit.
   Kelendi carane ngeletik? Kawitan teka kelapa hang magih ana sepete, disumbat kelapane, aju
dikenceti cangkoke lan diparud. Wis dadi kelapa parudan aju ditambahi banyu lan diwejek.
   Marek iku dilampit, alat hang bisa ngetokaken santene kelapa kelawan diperes. Carane, anake lampitane dilungguhi (kaya ring poto).
   Aju diendhegaken, iki hang perlu wektu sewengian makene calon lenga (belundhu/belondho) misah ambi banyune. Banyu hang ring ngisor kening merga hing ngemu lenga.
   Sakteruse ndhidhihi yaiku misahaken badhene lenga tepak santene marek digodhog. Ndhidhihi iku nganggo alat arane irus, nyidhuke alon-alon, dijuwut tipis-tipis hang ring ndhuwur bain.
    Badhene lenga iki aju dijuwuti lan digerengseng ring wajan digalo alon-alon makene belothonge (ampase) sing gempung ning wajan.
   Dadi wis lenga keletik, kari njuwuti lengane.
   Saiki wis arang wong ngeletik. Mati pisan hang aran jangan leroban hang ragine nganggo belundhu/belondho.
   Lampitane entek dipangan rayap. Dipangan jaman.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : poto: Heni Kurniawati