Kembang Galengan ring Banyuwangi Book Fair 2022
Nur Holipah (dipublikasikan pada Jumat, 14 Oktober 2022 08:32 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Book Fair wis diangkati sakat Kamis, 6 Oktober 2022 manggon ring Gedung Juang sakelore Taman Blambangan. Ring dina kawitan iku, husus diangkati kelawan gesah kanggo mengeti ruwahe Armaya lan Hasnan Singodimayan. Suratno, S.Pd, M.M Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi ring sambutane ngomong gok acara kaya gedigi perlu anggone terus dianakaken, lalare enom kudu weruh nyang tokoh-tokoh sastera lan hang duwe wigati ning literasi hususe hang ana ring Banyuwangi. Acarane hang arep dipungkasi kisuk Jemuwah, 15 Oktober 2022 iki kelakon merga Komunitas Pegon hang diketuai Ayung Notonegoro megawe bareng ambi Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Ikatan Pelajar Nahdatul Ulama (IPNU) Banyuwangi, uga Jelajah Kata (toko buku teka Kotagede Yogyakarta).
Ngiringi "Tribute to Armaya dan Hasnan Singodimayan" ring dina kawitan, ana bazar buku saben dina sipat jam 9 isuk sampek jam 9 bengi, lan diskusi buku saben dinane tepak jam 2 soren.
Sore, Kamis 13 Oktober 2022 buku Kembang Galengan anggitane Ridzkiya Karimatus Sholeha ketiban sampur manggung ring pelatarane Gedung Juang. Kembang Galengan kumpulan cerita cendhek Basa Using, diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan Oktober 2021. Dene penulis dijaluk dadi pembandhing. Dipandhu moderator Fiya Qutrunnada, Kiki—gedigu paceke Ridzkiya diceluk— nyeritakaken kelendi sampek iyane bisa nulis cerita cendhek nganggo Basa Using lan dadi buku.
Kiki ngomong dak bisa marekaken Kembang Galengan merga akeh ulih pecut. Dudu awake hang secara fisik dipecuti, taping iyane ngaku gok emeh saben dina diengetaken ambi Ketua Sengker Kuwung Belambangan, Antariksawan Jusuf, wis ulih pira tulisane? Diengetaken ya uga ditagih, jawane.
Hang ditulis Kiki sing adoh-adoh teka paran hang wis dialami dhewek sedina-dina. Kaya iyane bengen magih cilikane tau dielik-elik lan dikudang Buyut Cili hang ketulis ana ring buku kelawan judhul Embah Buyut.
“Mula paling gampang iku nulis hang ana ring sakubenge awak dhewek iki. Paran hang tau Sun weruhi, paran hang ana ring ngarepisun. Engko kari dirageni maning bain. Buru-buru, paran-paran hang Suntulis angger-angger bab Barong. Isun dhemen temenan nyang Barong, merga ruwahe Nang (Anang Serad-hang kesuwur duren abange) sipat ana Barong, Isun diejak ndileng. Temune tepak dikongkon nulis, Isun mesthi nulis Barong...” jelentrehe Kiki.
“Anang iku lancar cerita. Paran-paraneya, ana ceritane. Dadi, eman-eman kadhung sing Hun tulis,” jare Kiki maning, tepak ditakoni sapa hang seperene dadi sumber lan nggarahi Kiki sing mandheg nulis.
“Buru-buru, Isun ditantang 20 judhul ning Pak Iwan (Antariksawan Jusuf-ketua SKB). Sampek bisa 25 iku ya Alhamdulillah, ya iku mau merga dipecut lan dipenthung.”
Kiki iki wis break the limit, dijaluk mung 20 kalingana njumbule 25. Cerita-cerita hang ditulis seru enake diwaca merga kanggo isun, Kiki seru lanyahe ngeronce kalimah ring paragrap kelawan rima. Kaya ring cerita ‘Dadi Cerita’ halaman 33: Keloronan anteng nang dhuwure sepidhah. Masiya mung sepidhah murah, sing ana aran isin metu teka umah. Wis padha-padha nerimane, ya padha-padha melarate. Ring cerita ‘kelembetan’ halaman 61 uga njumbul paragrap hang pucuke padha rasane: suket dhuwur-dhuwuran singana hang ngeriti. Galengan, banyune mili. Ngileni pari, hang kuninge dianteni. Uga ring cerita ‘Nggandheng Gendhing (1)’: ana manuk menclok siji, main tangane. Menclok loro, ngadeg teka lungguhe. Menclok sepuluh, galir lambene. Pondhok iki, rasane kaya milu ujeg merga kang nduwe keseron, lungguh aju gelis ngadege. Kadhung ring cerita Ketelon, ana ring halaman 74, gedigi unine: Sak dalan-dalan isun pelengosan. Dalan muthuk, bensin kethap-kethip. Arep sambat adoh-adohan. Picis pas-pasan. Wedine durung gadug wis mandheg nang tengah dalan.
Ring pelajaran Bahasa Indonesia, isun lan rika kabeh mesthi weruh aran majas personifikasi yaiku umume nggambaraken objek hang dimenungsakaken. Kaya tah: uwit pating jugedan, angin muket awakisun, lan liyane. Isun akeh nemokaken gaya nulise Kiki hang nggambaraken menungsa diobjekaken. Kaya tah ring halaman 61: /timbang isun nang kene disirami omongan hang sing kariya penting,.../ 102, /sapa weruh garis kang ana ring bathuke ilang/; halaman 107: /keringet ring bathuke milu getun/.
Kiki iki seru lancar gok nggawe kalimah ending ring saben cerita. Kaya ring pungkase cerita Kembang Galengan, wenak temenan: Kembang galengan mula sing ana gunane taping sawahan sing kira endah tanpa anane. Maneka werna kelire, ngebeki galengan taping sing nggawe rusak sawangan.
Ring bukune Kiki iki komplit, ana romance percintaan lare enom-enoman, ana mistis lan Kiki bisa nguripaken tokoh lanang (maskulin). Merga seperene isun angger maca novel/cerita cendhek hang paceke tokoh hang ditulis padha ambi gender-e penganggite. Jarehun saben ceritane Kiki rada mambu-mambu marhaenisme lan humanis. Katon teka kelendi ceritane si lakon ring Kembang Galengan hang urip ambi emak kuwalon lan disiya-siya. Tambah-tambah bapake dhewek kaya sing ndhukung paran kekarepane si lakon hang masiya pedhot sekolah, taping magih duwe kerenteg nutugaken maning. Seru welase si lakon nyang adhike, duwe tekad makene sing nelangsa uripe, bisa madhang enak, dibelani golet genjer, semanggi ring tengah kedhokan gena ulih janganan hang bisa diolah lan dipangan.
Sing kaju, kadhung Kiki bisa sampek nggawe 25 judhul cerita hang kaya banyu mili. Merga Kiki ring taun 2017 sampek 2019 dadi juwara lomba Cerita Cendhek hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan. Mungga jare paribasan, sudah banyak makan asam garam.
Kanggone rika hang durung kober mampir, hang gancang! Magih ana dina iki lan kisuk. Sakliyane bisa miloni diskusi buku, ring bazar buku, wacanan hang dijajakaken hing mung teka penerbit nasional bain, uga ana buku-buku teka penerbit lokal. Ana buku anak, novel, sosial-politik, agama lan buku diklat kampus. Melebu nyang aula utama buku-buku dietap lan dijejer siap ngudang matanrika kabeh. Merga regane ya rata-rata miring, amening isi dompet rika bisa berik-berik.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Hani Z. Noor






