Kesenian Rengganis: Wayang Uwong tah Damarulan?

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Selasa, 14 Desember 2021 12:41 WIB)
- Laporan



Rujak ambi Soto, panganan hang setemene sewang-sewangan adoh, naming kadhung dicampur, ya enak seru rasane. Semono uga ambi kesenian Rengganis hang uga kejuluk Praburara utawa kesenian Umar Mayaan. Mula biyasahe wong Banyuwangi nyebut aran kesenian kelawan aran tokoh utamane utawa aran uwonge. Umpamane Janger dadi Damarulan utawa (Minak) Jinggoan, Pacul Gowang disebut Aljin. Kesenian Rengganis (lan tokoh utamane Prabu rara lan Umar Maya) iki bisa diarani ‘campuran’ antarane ‘Wayang Uwong’ ambi ‘Damarulan’.

Diarani campuran merga penganggo hang dienggo ambi para pemaine wujude hing adoh bedane ambi penganggone pemain Wayang Uwong. Naming, aran-arane para tokohe malah adoh-adohan ambi arane tokoh nang Wayang Uwong. Arane tokoh-tokoh nang kesenian Rengganis iki kayata; Umar Maya, Umar Madi, Prabu Gajah Aya, Imam Suwasa lan Rengganis utawa Praburara. Sawetara iku, dalan cerita hang dilakokaken ya kaya dene cerita hang biyasah dilakokaken ambi kesenian Damarulan. Unik lan apik!

Kaya kesenian Wayang hang ana bagiyan cerita ‘gara-gara’, ning Rengganis uga ana. Kadhung ‘gara-garane’ Wayang hang metu tokoh-tokoh kayata Petruk, Gareng, Semar ambi Bagong, taping nong kesenian Rengganis waktu ‘gara-gara’ iki hang mencungul malah pelawak ‘Penyet’ ambi ‘Menthik’, hang gesah-guyonane nganggo basa Using deles. 

Tanggal 10 Desember kepungkur, Kesenian lawas hang magih ana lan mung siji-sijine noring Banyuwangi iki ambi Pemerintah Propinsi Jawa Timur wis diumumaken lan ditetepaken dadi: ‘Warisan Budaya Tak Benda’.  

Tepak diundang main dienggo ngeramekaken Pameran Lukisan ‘ArtOs Kembang Langit‘ nong Gedung Juang (sak elore Gesibu Blambangan), dina Sabtu 11 Desember sore, wujud lelakone kesenian teka Desa Cluring, Kecamatan Cluring iki nggawe jengah para penonton. Emeh kabeh uwong hang ndeleng kesenian iku ngaku dhemen.

Salah sijine pemain Rengganis, Gunawan, njelasaken, cerita-cerita hang dimainaken Rengganis beda-beda, njaluk kelendi karepe tuan rumah hang ngundang. Naming, aran tokoh-tokoh hang dimainaken tetep padha.

Noring kesenian iki, tokoh ‘Umar Maya' hang paling didhemeni penonton. Dedeg pawakane hang cilik tapi kesit iki dandanane mesthi nganggo tasemak cemeng. Nong sikile nganggo kerincing kaya dene hang biyasah dienggo penari Rema Surabayaan, lan nggembol pusaka hang diarani; ‘Kasang Tirtanadi’

Miturut Asmu’i hang tau dadi sutradara Rengganis, minangka tokoh penting nong lakon-ceritane Rengganis, tokoh Umar Maya hing bisa dimainaken sembarang uwong. Sak liyane kudu duwe pawakan hang bisa madhani ambi pawakane tokoh Umar Maya, hang main dadi Umar Maya iki uga kudu ngerti lan paham ambi lakon-cerita hang dimainaken Rengganis.

Beda ambi jenis kesenian teater rakyat liyane hang umume ngangkat cerita ngenani roman sejarah jaman-jaman kerajaan, hang dimainaken Rengganis malah cerita-cerita hang Islami. Iku katon teka donga utawa ‘mantra’ hang diucap ambi Umar Maya waktu njaluk "kekuwatan’ pusaka Kasang Tirtanadi hang dadi agul-agule. Ambi ngunus terus ngacungaken pusakane iku Umar Maya ngucap; “Lailaha illallah Nabi Ibrahim Kamilullah. Mbal-Gambal Mustaka malih. Sang Kasang Tirta Nadi, aku njaluk panguwasamu kasang isa …..”

Mengarepe, muga-muga kesenian iki saya diuripaken maning kayadene kesenian Pacul Gowang hang sore wis diabraki ring Badan Bahasa kelawan pelatihan lan lomba kanggo 'nguripaken' kesenian Pacul Gowang hang kelebu Tradisi Sastra Lisan. Hang nggawe dhemen, lalare hang sore wis miku pelatihan lan milu lomba wis sithik-sithik ulih tanggapan merana merene. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor