Lare-Lare Dadi Sereg Lestarine Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 Februari 2026 07:34 WIB)
- Opini



Lare-Lare Dadi Sereg Lestarine Basa Using

Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Hasan Basri marek acara audiensi ambi tim Balai Bahasa Prop. Jatim minggu sore nguntabaken rasa kuwatire utamane nang lalare enom hang mbisuke dadi sereg ring lestarine basa Using. Merga basa dhaerah iki saya keseren ambi kuwate basa persatuan, basa Indonesia, hang wis dadi sega jangan ring uripe lare-lare.
   Hing maido hang dierah kanggo lestarine basa Using iki ya lalare sekolahan. Sedurunge nggadug nyang lare-lare? Ya guru-gurune sulung hang disiyapaken. Paran maning, hing ana guru ring Banyuwangi hang dadi sarjana basa Using merga mula hing ana jurusane ring kuliyahan.
   Nurut cathetane Kepala BBP Jatim Ibu
Puji Retno Hardiningtyas akehe guru hang milu Revitalisasi Bahasa Daerah (hang disebut) bahasa Jawa dialek Using iku ana 60 guru (taun 2023), 100 (2024) lan 51 (2025).
   Lebih 200 guru SD lan SMP iki wis marek sinau ilmune teka wong-wong hang dianggep mumpuni. Guru-guru iki sinau pitung mata pelajaran hang wis ditetepaken ring Badan Bahasa kanggo RBD sak Indonesia. Yaiku Nulis Cerita Cendhek, Nulis Puisi, Nulis Aksara, Ndongeng, Pidhato, Nembang lan Ngewer.
   Ring basa Using, wong-wong hang disebut maestro iki mula wong hang saben dinane mula nggelibet ring donya iku. Kayata ngewer sinau teka ring Ali Kenthus hang sasate saben dalu munggah genjot merana merene, ndongeng teka Slamet Penyet kanca sak genjot ambi kang Ali, pidhato teka ring Nani Asiany hang mula megiyet ring pendidikan lan basa Using, nulis cerita teka Nur Holipah hang wis kerep juwara nulis cerita cendhek, nulis puisi teka sasterawan Kang Ujik, nembang teka Nanang Kuswoyo guru hang pinter nembang.
   Marek sinau ilmune, guru-guru hang disebut guru master iki mau ngubaraken ilmune hang diarani Pengimbasan nang murid-muride.
   Telung taun seperene hang milu Pengimbasan ana 772 lare (2023), 4011 (2024) lan 4545 (2025), dadi totale 9000 lebih murid.
   Sayange kanggo basa Using mung diajaraken nang lare SD kelas 4,5,6 lan SMP kelas 7,8,9. Lalare kelas 1, 2, 3 lan SMA kelas 10, 11, 12 durung. Ale mulangaken basa sakat cilik iku ya penting seru.
   Yaiku mau hang dimaksud kang Hasan Basri, lalare iki hang mbisuke nemtoaken umure basa Using.
   Muga-muga mengarepe diwulangaken nyang lare-lare hang saiki durung ulih pelajaran basa Using. Lan didhukung peraturan bupati lan peraturan daerah  makene saya jejeg lakune dadi basa dhaerah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor