Macaan Lontar Hadis Dagang Isuk Iki Ring Pesinauan Olehsari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Juni 2022 08:11 WIB)
- Laporan
Tradhisi macaan ritual magih diuri-uri ring masarakat Banyuwangi kayata ritual tembang macaan Lontar Ahmad, Lontar Hadis Dagang, Lontar Juwarsah lan Lontar Yusup. Mula hang saiki magih kerep lan ajeg dilakoni yaiku macaan Lontar Yusup utamane noring desa-desa.
Lontar Hadis Dagang masiya magih ana tradhisi ritual macaane naming wis rada arang-arang. Tradhisi iki mung dilakoni setaun sepisan, dilakoni ring keluwargane Mbah Aminah ring Dusun Delik, Desa Jambesari, Kecamatan Giri, Kabupaten Banyuwangi. Keluwarga keturunan Mbah Aminah iki hang turun temurun ngerawat naskah lan nguripaken macaan tembang. Ritual iki ana hubungane ambi Nyelameti Kebonan utawa Selametan Sawah hang dianakaken saben tanggal 10 Dzulhijah sakuwise wong Islam sembayang Idul Adha.
Pesinauan Sekolah Adat Osing sakat taun 2020 mangkat nggelar macaan Lontar Hadis Dagang, minangka upaya kanggo ngenalakem tradhisi iki nong wong akeh.
Dina Sabtu isuk iki, jare narahubung lan Ketua Pelaksanane yaiku mbok Wiwin Indiarti, dianakaken Macaan Lontar Hadis Dagang ring PESINAUAN Sekolah Adat Osing, Desa Olehsari, Banyuwangi. Iwuh iki minangka salah siji kegiyatan kanggo ngelestarekaken naskah kuna lan ngugemi tradhisi nembang cara Using.
Ana wolung seniman macaan teka pirangane generasi lan gender kanggo mujudaken sokongan nyang nguri-uri tradhisi kanggo anak putu, lanang wadon.
Lontar Hadis Dagang iki setemene isine kisah Nabi Muhammad SAW tepak melaku dagang nong Negeri Syam. Naskah iki dianggit kelawan tembang macapat, hang ring budaya Jawa minangka wujude gurit liris hang ditembangaken. Ring wilayah pinggiran Jawa, Banyuwangi nduweni nada tembang dhewek hang diwarisaken seperene kelawan cara ritual tembang cara Using yaiku Macaan.
Minangka warisan kebudayaan, Lontar Hadis Dagang hing mung nduweni arti tekstual naming uga penting kanggo cara kontekstual hang ana hubungane ambi sejarah kebudayaan ring pucuk wetan Jawa.
Anane Macaan ritual tembang naskah kuna ring Banyuwangi iki nduduhaken pisan gok naskah nduwe telung fungsi: minangka pusaka lan harta waris; sarana ritual kanggo pirangane hajatan lan minangka media olah seni pelantunan tembang. Kanggo njaga semangat lan wadhah nyaluraken ekspresi kreatipitas teka pegiyat budaya lan ngangkat ketahanan budaya, stimulasi teka pemerintah iku dadi seru pentinge. Mangkane Balai Pelestarian Nilai Budaya (BPNB) D.I. Yogyakarta minangka Unit Pelaksana Teknis dari Direktorat Jenderal Kebudayaan; Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi; nggelar program Fasilitasi Pelestarian Nilai Budaya (Jateng-DIY-Jatim) Taun 2022. Wiwin Indiarti, dosen Universitas PGRI Banyuwangi hang aktif ngelakoni penelitian naskah kuna ring Banyuwangi lan tradhisi macaan tembange, dadi wong hang ngusulaken program iki sampek dibiyayai BPNB D.I. Yogyakarta. Kelawan judhul “Senandung Mocoan: Merawat Warisan Menyemai Nilai Luhur”.
Program iki direkam kelawan cara audio visual macaan Lontar Hadis Dagang lan ngewani apresiasi nang hang nduwe naskah hang uga ngelestarekaken tradhisi macaan Lontar Hadis Dagang. Asile arep dibagekaken kanggo nguri-uri tradhisi lan majokaken kebudayaan Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


