Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Basanan (Bagiyan 5)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 28 Januari 2026 07:52 WIB)
- Opini



Macem-Maceme Sastra Lisan Using (Bagiyan 5)
Ditulis ring Nanang Yuwantoro Zuniar

Basanan
Basanan yaiku salah sijine macem gurit lisan Using hang ring njerone ngemu Sangsangan (Sampiran) lan lsi. Ring basa Indonesia basanan iki disebut pantun.
   Seliyane akeh dienggo ring gendhing-gendhing gandrung, ring sak jerone uripe wong Using, Basanan iki ibarate dadi sega jangan, dienggo sedina-dinane ring gesah-gesahan.
    Sangsangan utawa sampiran iku mau arupa ungkapan kanggo ater-ater ambi nganggo ujar utawa ukara hang nduweni kembaran unek pungkasan ambi hang ana ring isine basanan. Kadhung Isine iku arupa pesen utawa arti hang diomongaken nong njerone Basanan mau.
   Wujud kasarane, Basanan Using iku bisa diperang dadi loro yaiku Basanan rong larik lan Basanan petang larik.
   Basanan rong larik, larik hang siji iku sangsangane, dene isine ana ring larik nomer loro.
   Tulada basanan rong larik:
Kembang jarak kembang waru (sangsangan)
Mbengi barak raina biru (isi)

   Larik kawitan sangsangan/sampiran mung mentingaken unek -RAK ring ujar "jarak" gemandheng ambi ujar "barak" lan -RU noring ujar "waru" gemandheng ambi ujar "biru" .
   Dene larik kepindho yaiku isi utawa pesen hang arep diterusaken nang wong hang ngerungokaken. Basanan iku nduweni arti kadhung dalu katon rumang naming kadhung raina katon surem.
   Akeh basanan rong larik hang dienggo sedina-dina. Umpamane:
   Bayem erine (sangsangan)
   Ayem atine (isi)

   Tuladha liyane:
    Galur poleng
    Duwe dulur kaya celeng

   Kanggone wong hang pinter basanan kaya Man Inok teka Jopuro,  sak kecap omongan hang metu teka cangkeme bisa arupa basanan. Dadi isine ya kedadeyan sedina-dina. Tepak gesah ambi kancane, akeh ucap-ucap hang rada saru, iyane ngomong ngelokaken awake dhewek:
   Akua dienggo wisuh
   Sudah tua cangkeme rusuh
Umpamane maning, sukur ngewani weruh, aju ngomong:
   Nganggo teken njuwut sirkaya
   Cacaken kadhung sing percaya
Utawa ngelokaken kancane:
   Sukete magih tapi kok ngarit
  Jare sugih tapi kok ngirit

Basanan petang larik, sangsangane ana ring larik kepisan lan kepindho. Aju isine ana ring larik telu lan papat. Dene uni pungkas ring larik siji padha ambi larik ketelu lan larik kepindho padha ambi larik kepapat. Tuladha:

  Kelambi cemeng seruwal cemeng     
  Dikumbah masa luntura
  Emak sing dhemen bapak sing dhemen    
  Dicegah masa mundura

  Isi teka basanan mau nduweni arti "Masiya Emak-Bapak sing setuju nang dhemenane anake, taping sing arep ngurangı lan ngewurungaken karep kanggo nerusakan bakalan sampek nang umah-umah.

   Hang iki teka Man Inok:
   Kelambi suwek jaitan aliyan
   Mangu-mangu nong pinggire lurung
   Wong tuwek mula laliyan
   Masiya wis ping pitu ngomonge durung

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf