Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Mantra (Bagiyan 7)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Januari 2026 07:35 WIB)
- Opini
Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Mantra (Bagiyan 7)
Ditulis ring Nanang Yuwantoro Zuniar
Mantra yaiku salah siji karya sastra lisan Using hang arupa gurit bebas. Artine sing duwe ikatan madakaken unek antara sangsangan/sampiran lan Isi. Uga dipercaya, kadhung diwacakaken ambi sarat-sarat hang kudu dilakoni sedurunge, mantra mau bisa nduwe 'kekuwatan goib'.
Mantra sing nduwe bait. Akeh penelitiyan utawa bahasan ilmiah ngenani Sastra Lisan Using, taping sing ndadekaken mantra dadi sasaran bahasan, merga dianggep mantra duduk kelebu karya sastra.
Mantra hang uga kelebu donga kesukuan, yaiku bagian utawa teka omongan (lisan) mesthine ya melebu nang bagiyan teka Sastra Lisan. Mantra Using siji-sijine jenis gurit lisang Using hang ngemu isi barang hang wingit (sakral) lan diakoni duwe 'kekuwatan goib'. Merga gedhene unsur goib mau, kadhang mantra dipadhakaken ambi dhukun.
Ale nang sedina-dinane sing gedigu, merga nang masarakat Using, wong hang duwe mantra hing mung dhukun, taping uga
uwong-uwong biyasah.
Kasarane Mantra Using bisa keperang 3 jenis: 1. Mantra kanggo marasaken wong lara (tamba), 2. Mantra kanggo pengasihan (santet utawa mahabbah) lan 3. Mantra kanggo ngilangaken nyawane liyan (sihir).
Mantra kanggo ngaronaken (tamba) diarani mantra putih, Mantra Santet diarani Mantra Kuning lan Mantra Sihir kelebu Mantra Cemeng.
Tuladha:
Mantra Sabuk Mangir Banyuwangi versi 1
Bismillahir rahmanir rahim
Niyatisun matek aji Sabuk Mangir
Lungguhisun lungguhe Nabi Adam
Hang sapa ningali lungguhisun iki
Ya isun iki lungguhe Nabi Adam
Badhanisun badhane Nabi Muhammad
Hang sapa ningali lungguhisun iki
Ya isun iki badhane Nabi Muhammad
Cahyanisun cahyane Nabi Yusuf
Hang sapa ningali cahyanisun iki
Ya isun iki cahyane Nabi Yusuf
Suwaranisun suwarane Nabi Daud
Hang sapa kerungu abanisun iki
Ya isun iki abane Nabi Daud
Teka welas teka asih jebeng bayine.......*
Asiha nyang jabang bayinisun **
Sih asih kersane Gusti Allah
La ilaha illalloh Muhammadur rasululloh
* jêbèng bayiné (hang dituju wadon)
jabang bayiné (hang dituju lanang)
....... diisi arane hang dituju
** jabang bayinisun (pemantra lanang)
jebeng bayinisun (pemantra wadon)
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
