Mbah Jen, Kuburane Nyambeti
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Juli 2026 06:37 WIB)
- Opini
Garapane Kang Ujik
Magih enget ceritane Wak Jen? Iyane salah siji perajurite Diponegoro hang melayu ngetan sampek Bali, aju diempet mantu keraton Nusa Dua Bali merga wis mbantu ngelawan Landa.
Sakteruse iyane mingser ngulon nang tanah Belambangan manggon noring alas Karangtigan hang bengen ana ring njaba kutha itungane.
Wak Jen dadi gurune lancing keluwarga Temenggung yaiku Raden Pringgo Kusumo (hang ring dina mburi madeg dadi Bupati Banyuwangi) lan Raden Mas Saleh (ring dina mburi kesuwur arane Mbah Mas Saleh lan tau dadi takmir Masjid Baiturrahman).
Diceritakaken, ana sumber arane Sumber Umbul hang ana watu parase bolong, jerune sak bangkekane wong gedhi. Mbah Jen kadhung arep nang Mekkah jare nyilep nong Sumber Umbul iku.
Mbah buyut Syargi Utawa Mbah Kiyai Jen iku makame ring tengah kampung Kerantigan. Wetane Lucky Montir ana lompongan ngalor. Sak ubenge makam iku bengen nyambeti. Isun weruh dhewek. Dalan sak capah hang ana ring elore makam iku ditutup ambi pager jajang. Ana wong mohal. Wis dipageri magih dilencati. Nana wis, iyane melaku mubeng-mubeng ring ngingsore uwit jeruk Lima hang ana ring wetane makam.
Ulihe melaku melibeng ambi gendhingan. Nawi bain yoh, pikire emeh gadug umahe wis. Ulihe mubeng-mubeng iku sakat ngarepaken Asar sampek ngarepaken Magerib. Sadhare nalika dicelukaken Sayu Ehak hang umahe ring wetane kandhang makam. Ambi Sayu Ehak ditabok pundhake, uwong iku kelunjuk aju bingung.
Isun uga nyaruki ana santri arane Yadik hang ngaji ring langgar engkidule makam. Mari ngaji subuh, mulih liwat iringane makam. Ana uwoh serkaya teka wangine katon wis mateng. Uwit serkaya iku pas ring iringane paesane Mbah Buyut Syargi. Nana wis, Yadik kono mau sikile ndingkik, tangane ngethem serkaya hang magih ana ring uwite. Taping Yadik sing bisa ubah. Tangane tetep kenceng mendhuwur, sikile tetep ndingkik. Endhase ndhangak ndileng serkaya hang dikethem. Byek, dadi tontonan uwong sak Kerantigan.
Mbah kyai Jen kadhung sembayang ning Masjidil Haram jare nyemplung ning Sumber Umbul iku. Sumber Umbul ana ning mburine Bhayangkara ngarepe RSUD. Tahun sewidakan jare apakisun magih ana banyune. Lare utawa uwong tuwek kadhung kadheman, nyemplungaken picis kenthing aju raup utawa digerojog banyu Sumber Umbul iku, aju aron. Saiki ketutup urugan lemah lan watu-watu.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ilustrasi AI
Editor: Antariksawan Jusuf