Meleciraken Kampung Moderasi nong Festival Imlek 2023
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 09 Februari 2023 07:35 WIB)
- Laporan
Kampung Moderasi wis diumumaken dina Sabtu bengi ring Klenteng Hoo Tong Bio bareng ambi acara Festival Imlek taun 2023. Acara pestipal kang digelar mulai tanggal 2 sampek 4 Pebruari iku dipungkasi ambi acara meleciraken deklarasi Kampung Moderasi. Sedheng kang dipilih dadi kampung moderasi yaiku Karangrejo Kecamatan Banyuwangi. Nurut Muhamad Lutfi, S.Sos, M.Si Plt Kepala Badan Kesatuan Bangsa dan Politik Kabupaten Banyuwangi minangka panitiya kang bengi iku nganggo kelambi adat Using njelasaken kadhung Karangrejo mula pas didadekaken kampung moderasi. Masarakat Karangrejo mula urip rukun, toleransi antarane agama siji lan sijine mula wis apik, sing tau ana padu utawa tukar gara-gara bida agama. Panggonan ibadah parek-parekan. Mesjid gedhe meh ungkur-ungkuran ambi kelenteng utawa konco kang wis ngadeg lebih sak abad iku. Parek konco kono ana panggonan ngaben. Gereja uga parek ambi masjid. Kadine Karangrejo didadekaken kampung moderasi mula wis pantes. Meleciraken utawa Deklarasi kang dipimpin Samsul Huda, penyuluh agama lan tokoh-tokoh agama liyane nong ngarepe Bupati Ipuk Fiestiandani lan undangan ring Festival Imlek 2023 iku nyatakaken kadhung Kampung moderasi beragama anti kekerasan, nolak radikalisme, nolak terorisme, lan ngutamakaken toleransi.
Pestipal kang dianakaken suwene telung dina nong kampung Pecinan Karangrejo iku dikawiti ambi acara kuliner Pecinan street food mulai soren sampek bengi. Panganan kang diedol akeh-akehe panganan cina kaya sega bakmoy, pitik lan bebek peking, daging saus naga, kwetiau, lan liya-liyane. Lapak utawa bulake direngga apik, diweni lampu-lampu nong njerone balon kang kelire abang mberanang. Kang dodol padha nganggo kelambi abang. Mangkane serta wis wayah bengi, mari-mari mencorong. Lan Karangrejo kang sakdurunge diarani Kampung Sadar Kerukunan, kadine muslimat NU milu partisipasi lan milu dodolan pisan. Dodolane ana sega liwet, ana jangan lompong lan sambel goring.
Festival Imlek bengi iku mula kerasa temenan kerukunan agamane. Nalika maca donga, kang diarani Doa Kebangsaan, ndongane sing mung nganggo cara Islam taping enem wong kang maca donga iku nganggo cara agamane dhewek-dhewek. Kang kawitan maca nganggo cara Islam, aju cara Kristen, disusul cara Katolik, terus Hindu, Budha, lan pungkasan dongane nganggo cara Konghucu. Sakteruse undangan kang meh kabeh padha nganggo kelambi abang iku disuguhi sendratari judhule Putri Pertiwi. Sendratari kang dimainaken 60 nom-noman kang nggabung ring Formula iku nyeritakaken kadhung menungsa sing bisa urip dhewekan. Urip butuh kanca. Nyatane urip iku endah masiya bida suku, budaya lan iman.
Merajut harmoni. Iki kang disampekaken Bupati Banyuwangi nong sambutane. Saktemene budaya imlek ningkataken urip rukun utamane ambi wong-wong Cina utawa Tionghoa. Bengen Imlek mula durung diakui dadi perayaan agama. Serta jamane Gus Dur celukane Gus Abdurrahman Wahid presiden Indonesia dhongkol, agama Konghucu diakoni resmi minangka salah sijine agama. Gedigu pisan Imlek, ahire diakui pisan dadi perayaan agama kang diakui. Mari nguweni sambutan, nalika tepak pentase barongsai, bupati diserahi tulisan Gong Xi Fa Cai.
Tepak pentas barongsai aju leyang-leyong kang njumbule teka arah penonton, nggarai penonton kang sakdurunge ana ring mburine para undangan, padha maju kepingin ndeleng barongsai lan leyang- leyong teka parekan. Serta pertunjukan barongsai lan leyang-leyong kang lincah lan meriyah iku mari, gendhing Arabia dadi penutupe acara Festival Imlek taun 2023.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







