Mengeti Sang Maestro Tari Banyuwangi
Samsul Hadi (dipublikasikan pada Jumat, 19 Februari 2021 08:46 WIB)
- Tokoh
Minangka dhaerah hang budayane urip diuri-uri, tradhisi lan keseniane melaku lan nguripi, mesthi bain Banyuwangi ngelairaken maneka seniman tari, gendhing, sastra, rupa. Ring donya seni tari, salah siji seniman hang wis dianggep maestro yaiku ruwahe pak Sumitro Hadi (sampek umur tanggal 26 Desember 2020) hang lair nong desa Gladag Kecamatan Rogojampi, 67 taun kepungkur. Anak nomer papat teka sedulur lima anake pasangan Sukoso Hadi Santoso lan Liswati, iki bisa nari otodidak, maksude hing ana guru husus hang ngajari masiya iyane sinau pisan tari Jawa lan Bali. Anake lurah Gladag hang ngentekaken uripe kanggo kesenian hususe seni tari, nang umahe pisan hang ana ring mburine bale desa Gladag, Sumitro Hadi ngedegaken sanggar Tari Jingga Putih kanggo sarana mujudaken karsa daya ciptane hang metu teka njero jiwane. Sekabehe seragam tari lan perkakas tabuhan asli Banyuwangi iyane nduweni kanggo nunjang waktu ngelatih lan pentas seni. Wis akeh seni tari hang diciptakaken tapi hang paling kawentar yaiku tari Jejer Gandrung hang paling kerep dipentasaken lan Jaran Dhawuk. Tari Jejer Gandrung iki malah wis kaya "tari wajib" kanggo mbukak acara-acara resmi lan sing resmi ring Banyuwangi. Ring donya tari iki, kiprahe hang paling penting yaiku ngelaksanaken perintahe bupati jaman semono Joko Supaat Slamet ngangkat tari gandrung teka kesenian rakyat ring pinggiran lan hing diterima ring kabeh kalangan, dadi tari hang bisa munggah pentas ring pendhapa lan bisa diterima ring lare sekokah. Jaman bengen gandrung dudu tari hang anjerah ring sekolahan merga arane hang hing pati apik. Taping sakjege pak Mitro bisa nggawe lan nggawa tari Jejer Gandrung nong pendhapa, hang ditarekaken lalare sekolah, kelebu anake Bupati Pak Paat, tari gandrung mangkat moncer lan bisa diterima ring wong-wong tuwek Banyuwangi.
Sing terima seni tari, akeh gendhing hang diciptakaken, hang paling kawentar yaiku Banteng Tangi. Wis sepirang-pirang piagam penghargaan hang ditampa pak Mitro kawit nang negarane dhewek sampek teka manca negara. Carane ngelatih kaya bapak nyang anak lan kekeluwargaan lan disiplin hang dhuwur. Aja sampek kasep latihan ukurane langsung diuwel entek ngamet lan omongane kaya lobok litik hang pedhes nang ati, taping hang padha latihan ana ring Jingga Putih wis padha paham kadhung mula gedigu kapan ngelanggar aturan latihan. Para penari hang wis tau dilatih nang Sanggar Tari Jingga Putih wis semebar nang kecamatan-kecamatan sak Kabupaten Banyuwangi sakat Tegaldlimo sampek Wongsorejo lan Kalibaru.
Kanggo mengeti Sang Maestro, buru-buru iki nang Desa Paspan tepake nang Warung Watu Semar Jl. Licin Kecamatan Glagah Banyuwangi dianakaken Lomba seni Tari tingkat SD, SMP lan SMA. Tari hang dilombakaken tari hang emeh kabeh gawenane Sang Maestro Sumitro Hadi. Hang milu ndaptar ambyak-ambyakan. Tingkat SD ana189, SMP ana 48 SMA ana 34. Tarian hang dilombakaken Tari Gandrung Dor, Gebyar Barong, Kembang Pesisiran, Walang Kadung, Onclang Kidang lan Cengkir Gadhing. Lomba hang dipiloni lare-lare sak kabupaten Banyuwangi, diarepaken bisa ndadekaken budaya hususe tari Banyuwangi bisa tetep lestari lan dadi amale pak Mitro.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.