Mim, Wong Banyuwangi, Wong Alas Hang Nulis Pilem

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Desember 2025 06:43 WIB)
- Tokoh



Mim, Wong Banyuwangi, Wong Alas Hang Nulis Pilem

Ana wong asale Kalibaru Banyuwangi, pegaweyane ring alas, tapi buku puisine ana 27, buku novel lan kumpulan cerita cendheke lebih 30an judhul. Ana sak judhul novele hang wis didadekaken pilem Tak Kenal Maka Taaruf (TKMT) lan wis tayang ring biskop sak Indonesia. Malah iyane milu dadi salah siji produsere pisan ring pilem iku.
   Mim Yudiarto arane. Iyane lulus teka Institut Pertanian Bogor lan sampek seperene manggon ring Bogor. Naming iyane ngaku hing akeh serawungan ambi wong Banyuwangi.
   "Isun hing tau milu komunitas-komunitas dadi ya hing patiya weruh uwong-uwong Banyuwangi," jare kang Mim tepak kecaruk juger-juger inpormasi kanggo nambahi cerita-cerita bab Banyuwangi hang bisa diangkat ring cerita lan pileme hang anyar.
    TKMT disuteradharai Tora Margen dibintangi Saskia Chadwick, Maghara Adipura, Ghiena Salsabiela, Fadi Alaydrus lan Dinda Mahira.
   Kang Mim hang lair taun 1972 ring Kalibaru iki wis nerbitaken rong novel kelawan judhul Raung: Haira lan Raung: Pandora. Kaya judhule hang ngemu ucap Raung, novel iku ana tokoh wadone hang arane Haira, penari gandrung hang lair ring Sempu ring sikile Gunung Raung.
   Karepe iyane arep ndadekaken rong novele iku dadi pilem anyar. "Suting sepisanan dadi pilem loro," jare kang Mim.
   Emeh saben panggonan wisata dadi latar ring pileme. "Teka gunung Raung, Ijen, waduk Bajulmati, Baluran, Plengkung, Pulau Merah, Jawatan lan panggonan wisata liyane arep diparani tokoh ring pilem iki hang diceritakaken minangka penari gandrung," jare alumni SMA Genteng iki.
   Ciri has novel rong judhul iku saben bab dikawiti ambi puisi. Hing maido, merga kang Mim kaya hing entek-entek eksplorasine ngenam ucap-ucap dadi karya puisi. Buku puisine hang nomer 27,
Keramaian yang Kehabisan Percakapan kandele ana 772 halaman.
   Iyane wis nggawe jadwal taun ngarep bisa nambahi njuwut gambar kanggo pileme ring sela-selane penggaweyane ring perkebunan sawit.
   Pileme iki keitung pilem roman petualangan hang nduweni unsur mistis.
   "Karya-karyanisun akeh-akehe cerita apen-apen (fiksi). Naming Isun ya tau pisan nulis bab teknis sustainability kelapa sawit yaiku Kurikulum NDPE lan sijine Spektrum Kemitraan Sawit," jare kang Mim.
  Iyane ngomong magih mulih setaun sepisan nang Banyuwangi. "Hang Sun kangeni mangan lonthong tahuk." 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor