Munggah Alem

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 Juli 2026 06:28 WIB)
- Opini



Bengen magih cilik, emak seru bangkele weruh anake kakehan polah lan laku liyane hang sing nyenengaken ati. Polah mau macem-macem wujude, ana hang karepe dhewek, ana uga hang nuruti penjaluke liyan. Emak utawa wong tuwek liyane, umume merga sing gelem anake cilaka, anake nemu belahi lan anake dadi anggak ambi kelebihan hang diduweni. "Sira gedigu iku sapa ngongkon? Dhasar lare munggah alem", gedigu ujare emak hang sing dhemen weruh tingkah polah anake.
   Polah karepe dhewek hang sing  didhemeni emak utawa wong tuwek liyane, tuladhane yaiku penekan lan laku hang nyebabaken cilaka anake. Kaya ceburan nang kedhung, mberasak jurang nguber layangan lan liya-liyane. Embuh weruh dhewek, utawa direpoti dulur hang weruh kelakuwane anake, mesthi aju celathu entek ngamet nang anake. Mulai "Sira enjuk alem, kathik penekan lan ceburan. Kadhung nggisir iku, sapa hang mijetaken?" Intine emak kuwatir kadhung anake belahi, emak uga isin kadhung anake diarani lare tambeng ring desane.
   Polah merga karepe uwong liya, uga kerep sing diterima ambi emak hang duwe anak mau. Tuladhane kadhung ana lomba-lomba memengan sekirane nggarahi belahi (kaya penekan jambe) lan lomba hang nggawe wong tuwek isin (kaya lomba cokotan picis taping dipolesi areng sampek kelambine kothor kabeh). Teka umah aran celathune emak sing keneng dipenging, merga emak sing gelem kadhung anake dadi guyon wong sak kampung. Merga emak rumangsa bisa nukoaken paran hang dibutuhaken anake, timbang milu lomba.
   Temekaken unek "munggah alem", "enjuk alem" kadhung jare psikolog malah mbatesi utawa ngekang daya pikire anak. Naming emak-emak jaman bengen njaga seru nang selamete jiwa anake, uga njaga aran keluwarga aja sampek ngisin-ngisini teka polah hang sing 'pamit' (koordinasi) sak durunge mau. Kadhung ana lare hang sampek duwe perestasi lan milu lomba nang endi-endi jaman bengen, kadhang sing diweruhi wong tuweke. Kadhang wong bengen iku ya rada ana sungkane, kadhung anake sampek dielem-elem wong akeh. Bandhingaken ambi wong saiki, hang dhemen lan ndhukung kadhung ana anake milu lomba-lomba. Malah sampek dietutaken nang endi-endi.
   Sipat iki temekaken akeh diugemi nang lare-lare Using jaman bengen. Sing gelem pamer nang kepinteran dan kuwate daya, uga 'prestasi' hang wis digayuh. Kadhang lare-lare Using hang ngumbara iku, buru ngerti gok iyane beda ambi wong liya. Gok iyane saktemene duwe kelebihan dibandhing liyane. Semono uga tanggane, buru weruh lan gawok serta lare iki duwe perestasi nang njaba.
     Ambekaneya gedigu, cara 'ngapresiasi' nang sipate anak jaman bengen sing bisa terus dirumat. Merga akeh cara-cara anyar hang kudu diterapaken, milu lakune jaman. Malah hang apik iku gabungane cara lawas ambi anyar. Makane kudu penter 'milah' lan milih.
   "Nyacad" lan "nyamah" iku mula dadi 'sega jangan', artine wis biyasah kadhung duwe penemu anyar, duwe 'kemampuan lebih' aju diperaktekaken, aju dicamah lan dicacad. "Alah sapa hang mbiji?". Iki uga salah sijine pecut hang nggawe lare-lare bengen (pantese saiki uga magih ana) tambah kuwat tekade, jare jaman saiki 'tahan banting'. Kadhung sakat cilik sing biyasah urip ring kampung hang kahanan kaya ndhuwur mau, bisa langsung mutung.
   Munggah alem lan enjuk alem iku, saiki dadi 'penyakite' pejabat lan politikus. Kabeh hang dilakoni karepe pamrih kabeh, kudu ana hang ngalem, kaya ana 'hang mbiji' masiya ukurane sing jelas.  Munggane para pejabat lan politikus iku iling omongane emake dhewek-dhewek wayah magih cilik bengen, pantese megawene sing merga kepingin dialem, sing kepingin dibiji. Kadhung mula kawite mbangun dhaerah kanggo nyenengakaken rakyat, kanggo mulyakaken derajate rakyat, ya diugemi bain niat mau ambi terus ngeraksa rasa welas asih sak padha-padha.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor