Ngenceti Primbon Tatal Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Juni 2023 09:12 WIB)
- Laporan



Primbon tatal asal Belambangan (Banyuwangi) dikenceti isine nong Museum Mpu Tantular, Sidoarjo dina Senen sore (12/6) ring kang Sanusi (Wak Usik) wong Glagah hang uga dadi sesepuhe Komunitas Osing Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT).

Primbon tatal iku “kanggo ngitung satuan nemtoaken kapan wektu hang cocog kanggo perjodhohan antara lanang wadon hang umah-umah, ngedegaken umah, dienggo mancing, dienggo nandur pari lan palawija lan liyane,” jare Kang Usik tepak iyane arep mangkat maning nong acara hang nduweni judhul “Tatal Sebagai Media Perhitungan Kalender Jawa" tanggal 12-14 Juni 2023.

Sakliyane Primbon Tatal Belambangan ana pisan Primbon Tatal teka Trenggalek, Pacitan lan Solo.

Primbon Tatal hang ditemokaken ring Banyuwangi nganggo itungan pasaran Jawa. Hang teka kiwa nengen ana lima (legi, pahing, pon, wage, kliwon) lan teka ndhuwur mengingsor ana pitu nduduhaken itungan dina umum (ahad, senen, selasa, rebo, kemis, jemuah, sabtu), jare Kang Usik. Sepira tuweke Pribon Tatal teka Banyuwangi? “Primbon tatal kadhung ceritane durung ana buku ya kira-kira taun 1400an. Nawi disiluri hang anyar, disiluri maning sampek ketemu tim penelusur teka Mpu Tantular.”

Wong bengen kadhung arep ngelakoni paran, kudu diitung dinane. “Ahad ketemu pon dienggo paran, Ahad ketemu wage dienggo paran,” jare Kang Usik. Umpamane ngitung arep ngedegaken umah. Umpamane Ahad, pahing. Ahad lima, pahing sanga, golet waktu sanga ambi lima ketemu 14. Golet itungan siji maning. Kadhung tepak ketemu hang titik papat iku berarti jejeg pangkat, ya milih hang papat.

Kang Usik dhewek magih durung weruh nong endi Primbon Tatal iku ditemokaken lan disimpen ring museum Mpu Tantular. Ning mburine tatal kayu iku mung ana tulisan Banyuwangi 1997. “Magih digoleti Berita Acarane.”

Wekase leluhur jaman bengen supaya digadugaken nang anak putu. Hing mung liwat Tatal Primbon, tapi ana pisan liwat tatal liyane lan titen-titen. Umpamane ana gendhine:

tetek tetek titen

tetek tetek titen

titene agung agung.

Silara sintik, titik titik

Kembang paran

Dene Titen-titen akeh contone. Kadhung kunir wis ngelempahi tandhane nandur paran. Randhu godhonge logrog, wayahe nandur sabrang. “Iku ya kelebu tatal. Ulan iki udane gedigi, kuwunge metu, wayahe kelor uwoh. Yara ana omongan udan-udanane lintang, cumpu kelenthange kelor metu.”

Titen-titen liyane: wayahe jajang metu ebunge, pari akeh hang gabug. Santen godhonge ngelinthing, godhonge awar-awar dipangan uler, aja nandur lobok. Titen-titen iku magih urip ring masarakat Using pinggiran, magih kuwat masarakate ngugemi titen-titen kanggo pertanian.

Kupu melayu ngalor, tanduran, woh-wohan akeh hang bajang. Itungan Ilmiahe, marek kupu netes, endhoge dadi bercung, dadi uler ring epoh, ring duren, macem-macem, aju woh-wohan bajang, jare Kang Usik.

Wayah upih cicir akeh waktune sapi lara. Jajang gemender, marek bung metu godhonge, metu rumpinge. Rumpinge cicir milu angin, serite rumping nabrak nang uwong, nggarahi wong watuk (lara).

Jare Kang Usik, mung ana loro wit-witan hang hing ana musime, yaiku gedhang lan sawi. Nang Jawa ana Januari nandur sawi, kadhung ning Banyuwangi sing kenal usum. Kadhung dhaerah liya kudu diitung.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.