Pameran Banyuwangi Jaman Bengen
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 14 Juni 2023 07:09 WIB)
- Laporan
Soren iku pelataran kantor Disbudpar Banyuwangi katon rumang. Tendha padha ngadeg ring sak ubenge pelinggihan nyuguhaken panganan lan ombenan adolane UMKM. Masiya nong undangan tamune ditekakaken wayah soren taping ubege wis diangkati sakat isuk. Sekira jam sanga isuk dianakaken sosialisasi kebudayaan, nampilaken pilem cagar budaya. Sorene, acara Pameran Banyuwangi Jaman Bengen kang dianakaken tanggal 12 sampek 17 Juni 2023 dibukak, aju bengine disuguhi kesenian Prabu Roro utawa Rengganis kang diakui minangka salah sijine Warisan Budaya Tak Benda (WBTB).
Acara pembukaan Pameran Banyuwangi Jaman Bengen dikawiti ambi suguhan tari pergaulan Padhang Ulan. Tarian iki nyeritakaken lare nom-noman lanang wadon kang seneng-seneng ning pesisir Boom Banyuwangi. Mula puluhan taun kepungkur saben tanggal limalas bengi padha ampyak-ampyakan nunggang dhongkar nyang Boom. Kerana padhang ulan, segarane katon kaya kaca.
Sekretaris Disbudpar, Choliqul Ridho nong sambutane njelasaken kadhung Pameran Banyuwangi Jaman Bengen iki dianakaken seminggu lawase. Saben dinane nampilaken lare-lare pelajar utawa sanggar seni kang pentas utawa workshop kang dianakaken ring pelinggihan. Barang-barang kang dipameraken tahun iki tambah akeh. Sakliyane barang-barang kuna kaya keris, perabotan kuna, potreke Banyuwangi jaman bengen, ditambahi pisan ambi watu akik lan watu-watu Ijen Geopark. Pamerane dhewek saben jam sanga dianakaken lelang sakbagiyan barang kang dipameraken. Sedheng ring sambutane Asisten Perekonomian dan Pembangunan, Dwi Yanto kang makili Bupati Banyuwangi ndhukung acara pameran iki taping iyane ngarep-arep teknologi kang tambah maju iki bisaa memengan jaman bengen dianimasi. Dadi kang sakbenere dimainaken lare loro maine bisa dhewekan. Contone memengan bekel, dhakon, utawa dham-dhaman. Ring pameran uga ditampilaken sepidhah pancat, dhongkar, mandaneya ana cikare pisan mergane saiki wis hing nemoni, tutuge. Ring kono hadhir pisan Bapak Arif Setiawan asisten Pemerintahan dan Kesra, kepala Balai Pelestarian Kebudayaan Wilayah XI Bu Endah Budi Heryani, para kepala SKPD, ketua DKB, budayawan, uga lare-lare mahasiswa Beasiswa Seni Budaya Indonesia (BSBI) antarane teka Malaysia, Timor Leste, India, Australia, lan teka Indonesia dhewek lare teka Menado.
Mari mbukak pameran, asisten lan tamu undhangan keliling ndeleng barang-barang kang dipameraken. Kelendi kahanan Banyuwangi jaman penjajahan, kendharaane, kesenian, ana potreke. Macem-macem keris, macem-macem akik lan akar uga ana. Perabotan kuna kaya guci, tindhesan, lemari, kinangan, barang-barang kuningan, jam, lampu, akeh dipameraken ring kene. Malah wong bengen makene tapih lan kebayake sing dipangan rayap, marotine nong topeles beling. Serta wis ditutup topelese aju dilebokaken nyang lemari kaca.
Kaya waktu pembukaan, kang hadir wayah jam pitu bengi, penonton ngebeki kursi kang disedhiyakaken panitiya. Temakaken tontonan Rengganis utawa Prabu Roro teka Cluring iki magih didhemeni wong Banyuwangi. Buktine sampek bubar penontone magih ebek. Kesenian kang edheng-edheng arep punah (pemaine wis tuwek-tuwek) iki emeh padha ambi kesenian Damarulan. Bedane, kadhung Damarulan nganggo tabuhan Bali sedheng tabuhan rengganis padha ambi tabuhane wayang kang dilengkapi tabuhan angklung. Ngomonge padha-padha nganggo cara Jawa, mung penganggone kaya wayang uwong. Kadhung Damarulan nganggo kuluk has Bali sedheng Prabu Roro iki nganggo kuluk kang biyasah dinggo wayang uwong. Panjake sak pirang-pirang kayadene panjak Damarulan. Lan kang dadi ciri has Prabu Roro ana lakone kang nganggo kelambi kaya Gatotkaca ambi kacamata cemeng lan Lamdahur kang kukune kaya kukune Bima. Bengi iku njuwut cerita lakon Subroto Krama.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







