Pelatihan Sinden Using, 2D lan 18 Sindhen Pilihan
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 01 April 2021 07:32 WIB)
- Tokoh
Meledhek unyike lare wadon sak keloron iki serta arane karo-karone kasebut melebu nyang pilihan juri ring Pelatihan Sinden Using 2021 ring pelinggihan Disbudpar Banyuwangi hang ana ring tanggal 30 Maret 2021. Wis kepilih 18 lare hang melebu ring program iku. Ana lare loro, 2D sebutane hang milu ring antarane 18 sindhen pilihan. Dwi Putri Damayanti perawan ayu Gambiran, lair ring Banyuwangi tanggal 26 Oktober 2003 lan Dwi Martina perawan Tampo kelairan tanggal 19 Maret 2001. Mergane perawan keloron iki wis akeh nduwe pengalaman lan prestasi ring bab sindhenan Banyuwangian. Lare keloron hang wis mula kanca kenthel iki pancen duwe suwara hang apik lan kening anggone nyindhen Banyuwangian. Paran maning hang aran cengkok Banyuwangiane kerasa kenthel lan deles.
Dwi Putri Damayanti lan Dwi Martina padha-padha sinau nyinden sakat cilik. Perawan sak keloron iki ajar nembang manggon ana ring sanggare dhewek-dhewek bengene. Dwi Martina ana ring sanggar Gandrung Arum Cluring lan Dwi Putri Damayanti ana ring Toya Arum Wringinrejo Gambiran.
Dwi Putri Damayanti hang kesuwur nganggo aran De Pe lan Dwi Martina hang kesuwur ambi aran De Em iki kelebu peserta hang patheng anggone milu kegiyatan Pelatihan Sinden Using hang digagas DKB Banyuwangi bareng ambi Dinas Kebudayaan Pariwisata Banyuwangi ring tanggal 29 – 30 Maret 2021 hang manggon ana ring Pelinggihan. Sing leren-leren perawan sak keloron iki wani takon nyang sapa bain hang dadi narasumbere kadhung sekirane iyane durung paham.
De Pe lan De Em hang melebu nyang kelompoke Mak Temu iki langsung ulih piwulang teka maestrone Gandrung Banyuwangi yaiku Mak Temu Misti. Gendhing Padha Nonton, Layar Kumendung, Erang-erang lan Sekar Jenang sampek lanyah disinauni, masiya mung ana ring rong dina bain pelatihan iku.
De Pe uga sing pilih-pilih nyang aran guru, sing luput uga Muh. Ikwan lan Kang Juwono hang dadi salah sijine narasumber uga diubret-ubret pitakonan lan ajaran nggendhing sindhen Banyuwangi.
Masiya De Pe lan De Em iki umahe adoh-adohan De Pe ana ring Jl. Sriwijaya No.11, Sumberjaya, Wringin Agung, Kec. Gambiran, lan De Em ana ring Tampo Kecamatan Cluring naming wis sakat bengene dadi kanca raket merga koncar-kancir tanggapan bareng.
De Pe lan DE Em pancen wis kesuwur sedurunge milu pelatihan sinden. Milu tanggapan ana ring Hajatan kayadene pengantenan lan sunatan mesti dilakoni. Iyane sakliyane bisa nyinden lan nembang gendhing angklungan uga gendhing gandrungan uga bisa njuget tari kreasi Banyuwangi. Pantes bain perawan ayu-ayu iki bisa duwe pengalaman lebih dibandhingaken peserta liyane.
De Pe lan De Em sak karone sing pilih-pilih kadhung milu tanggapan, hang penting kabeh iku bisa nggawe iyane nambah ilmu lan pengalaman kanggone uluk suwara gendhing Banyuwangi. Kabeh iku merga didhasari rasa seneng nyang kesenian Banyuwangi sakat cilik bengen.
Mula iku Depe hang tamatan SMAN Gambiran lan De Em hang tamatan SMAN 1 Cluring iki sing luput bisa kelebu nyang pilihane juri lan pembimbing ana ring Pelatihan iku.
Sakteruse wong wadon sak keloron iki duwe angen-angen kepingin kesenian Banyuwangi bisa dadi juragan ana ring umahe dhewek. Sing mung dadi pelengkap penderita ana ring acara-acara resmi kabupaten lan pestival-pestival Banyuwangi bain, tapi bisa dadi sega jangane ana ring urip saban dina ring tanah Banyuwangi iki, gediku perawan ayu loro iku nyatakaken nyang reporter belambangan.com hang nggesahi ana ring tengahe kegiyatan iku.
Sindhen sak karone iki ya sing mongkog sulung wis kelebu nong 18 pesert pilihan, merga iyane magih kepingin milu nyang seleksi 5 pilihan hang sakteruse. Muga-muga bain kelaksan ya Beng.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf