Permata Keselempit: Kopi Lego
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 04 Februari 2026 06:04 WIB)
- Opini
Permata Keselempit: Kopi Lego
Bengen, taun 90-an -- jaman isun magih megawe ring Trenggalek -- isun dhemen nyetel radio fm Suara Surabaya, lagune enak-enak, suwarane kening kaya nyetel kaset. Saben isuk ana acara wawancara husus ambi ahli ekonomi hang wis nulis 13 buku internasional bareng ambi Phillip Kotler lan tau madeg dadi presiden World Marketing Association, Hermawan Kartajaya.
Macem-macem hang dibahas, akeh-akehe mula prinsip pemasaran. Hang magih hun engeti tips-e kadhung duwe usaha kepingin sukses, kudu nyukupi pirangane sarat.
Paran bain sarate? Isun seperene magih perahu gedhe - apal - ngelonthok nomer 1 sampek 3. Nomer 1 yaiku lokasi, nomer 2 yaiku lokasi, nomer 3 yaiku lokasi! Aja takon nomer seteruse. Takona nyang uwonge dhewek!
Mula masuk akal iku, tapi hing mesthi, hing mutlak. Arane bain ilmu sosial -- pelajaran ekonomi yara kelebu IPS -- sipate non-eksak, hing pasti. Mesthi ana hang luput teka rumuse ilmu-ilmu sosial, kelebu tips teka Pak Hermawan mauka.
Buktine akeh merana-merana. Kadhung mula wis rejekine, masiya tah lokasine hing seterategis tetep bain dodolane payu.
Paran maning jaman saiki, kabeh wong nyekel hape, inpormasi gelis nggadug nyang wong akeh. Teori lokasi iku wis hing kanggo merga kabeh panggonan hang bisa melebu sinyal GPS bisa digoleti, bisa ditekani konsumen. Saya akeh panggonan nyelempit hang dadi jujugane wong kelenceran, sampek ana istilah "permata keselempit" (hidden gem).
Contone warkope Kang Hao iki -- aran aseline Hariyono, kesuwure Pak Hao -- lokasine jeru nong desa ngingsore gunung kulon iku.
Kanggo hang durung weruh nawi kepingin weruh, teka Kalipuro ngulon pirangane kilo, Gombeng arane. Teka Gombeng munggah bilak-biluk ngulon-ngalor pirang kilo maning, emeh gadug Kaliklatak, Lerek arane. Teka kono nyimpang nganan liwat dalan rabasan cukup sak montor werane, kiwa-tengene kebonan, kopi-kopian -- jurusan wisata Puncak Asmara, durung tau hun parani cumpu saiki wis tutup -- untunge sing kari adoh maning.
Pendheke, miturut isun hang wong awam, lokasi utawa posisi kafe Kopi Lego iki sing ideal, kadohen teka umum, ting nyatane sukses.
Hang mara ngopi sing terima mung wong lokal utawa nasional, wong luwar pisan ana. Ring temboke akeh dipajang potreke wong terkenal, kelase bupati sampek menteri-menteri! Edheng? Adoha, nyelempita lokasi usaha kadhung mula nggawa rejeki ya tetep diparani konsumen.
Kapanane isun gadug kono, ngoprok (ngopi-rokok) lumayan suwi ambi Kang Hao, hang duwe Kopi Lego. Singkatan teka Lerek-Gombengsari. Gesah ngalor ngidul ambi disuguhi kopi aseli Gombeng. Penyar. Hun batin, iki tah hang arane 'permata keselempit'?
(Iskak Basuki)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.