Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 1 teka3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 April 2025 07:04 WIB)
- Laporan



Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 1 teka 3)
 
Iwuh iku mesthi ana hubungane ambi upacara lan selametan, sakat nyelameti hang magih nong wetenge emake, lairan, mudhun lemah, sunatan, ngawinaken, sampek wong mati. Sasate saben ana kedadeyan hang dianggep penting lan perlu diselameti iwuh digelar.
Naming arane uwong iku ya beda-beda karep uga rejekine. Mangkane ana celukan iwuh cilik-cilikan” ambi iwuh gedhi-gedhian”. Perkara hang nggawe beda iku teka bandha hang dietokaken uga wujud iwuhe tepak wis dinane. Ring desanisun hang aran Benelanlor Kecamatan Kabat, urut-urutane iwuh magih lestari sakat jaman bengen gadug saiki.
Mung ana saben-saben tahapan utawa proses hang ilang, diinopasi, uga ana hang ditambahi. Sumbere iki hun njuwut ulihe takon-gesah teka Man Mumparid (umure 50 taun) hang wis biyasah dadi tukang bas (pengatur acara iwuh) hang saiki wis pangsiyun. Ketambahan ambi pirangane wong tuwek hang magih seger seperene. Kawitane iku gedigi urut-urutan arep iwuh jaman bengen hang bisa ngewakili prosesi iwuhe wong Using:
1.     Soben-Soben
Iki hang perlu seru ana,. Tuan rumah padha keliling nyang dulur, tangga hang parek umahe arep diajak nulungi ring iwuhe. Biyasahe ucap-ucap hang dienggo ambi tuan rumah iku gedigi: “Isun Iki kepingin ngajak kumpul-kumpul lan jaluk pendongane ring dina iwuhisun”. Kurang lebih gedigu kalimat hang dienggo. Aju ana pirangane uwong hang ring njaba target soben-soben kudu diejak kumpul utawa diperlokaken tenagane kerana wis kesuwur nyang keahliyane. Kaya tukang asah-asah, tukang sarang, ambi ngebasi (pengatur acara).
2.     Selametan Sakdurunge Pamitan
Selametan iki biyasahe ngawiti kegiyatan iwuh. Umpamane iwuhe tanggal 10-11, ring tanggal 9, 10 dalu iku kudu dianakaken selametan jaluk donga makene lancar hing ana alangan. Biyasahe donga hang kawitan iku mugi terang hing ana udan. Selametane biyasahe ngundang tangga hang parek-parek bain. Suguhane ya biyasah (paran jare tuan rumah). Isine selametan ya kadhang nganggo tahlil cendhek mari digu diterusaken donga uga mangan.
3.     Pametan
Pametan iki melebu dina kawitan iwuh, ana pirangane kegiyatan hang ana bedane ambi jaman bengen. Teradhisi hang kawitan yaiku tepak isuk sekirane jam 6an:
a.      Kabeh hang ngerasa disobeni padha kumpul lan para tangga hang parek ambi umahe tuan rumah. Sakdurunge tandang, ana donga kanggo ngawiti kegiyatan ring wektu isuk hang dipimpin ambi pak ustad hang wis dipaserahi ambi tuan rumah. Mari digu padha niliki suguhane tuan rumah hang merupa wedang teh, kopi, jajan, uga jenang abang. Dhung wis padha siyap kabeh aju ngedum tugas antarane ana hang bagiyan selametan nyang kuburane sesepuh desa, dhung nong desanisun ya ning Buyut Tompo (minangka hang babat alas  desa Benelanlor) nggawa sahan hang ana pitik ingkunge. uga ring banyu (biyasahe nyang banyu dham supaya hing ana udan sak suwine iwuh. Ana hang nggolet godhong gedhang hang saiki porsine hing kari akeh kaya bengen kerana saiki wis ana kertas minyak, mika, keresek, uga kothakan.
b.     Ana teradhisi “Mbedhol Gedheg”. Ceritane Anang Saman ambi Adon Rodiyah, bengen umah hang nong Desa Benelanlor iki kabeh gedheg bahan temboke. Kadine dhung tepak iwuh lan perlu panggonan wera, Tuan rumah wis njaluk idin nyang tangga-tanggane kanggo mbedhol gedheg mauka. Umpama ana hang rusak ya kudu siyap nyiluri. Naming saiki wis hing ana (paling) masiya ana pirangane hang magih gedheg tembok umahe taping akeh-akehe wis tembok eris. Dadi hing bisa dibedhol lan wis emeh punah teradhisi “Mbedhol Gedheg”.
c.      Ana kegiyatan maning yaiku “Unjal-Unjal”. Hang diunjali yaiku perkakas hang ulihe nyelang nong tangga lan dulur mauka. Kayadene kursi, meja, pelanca, pekakas pawon, lan liyane. Hang saiki kegiyatan iku wis hing ana, mangkane pametan saiki akeh nganggure. Maksude ya mung gesah ring ngisore terob bain. (ujare Nang Saman).
d.     Sakmarine iku ya wis padha kumpul, gesah lan dipungkasi donga bareng-bareng maning kerana wis diweni kelancaran lan mangan bareng paran hang wis disiyapaken ambi tuan rumah.
e.      Mari digu ana prosesi hang diarani “Katihkan”. Yaiku kegiyatan ring wektu isuk utawa tepak wayah bengi mari magerib hang tandange iku nggawe kathik utawa sunduke sate. Umpama hing nggawe sate ya hing ana prosesi katikan. Prosesi katikan saiki wis mangkat meh ilang. Kerana sunduke sate wis diedol ring saben-saben toko, dadi saiki mung kari tuku bain. Unike sunduk sate hang ulihe prosesi katikan ana ciri hase yaiku bagiyan sunduk hang dienggo nyekel modhele digawe gepeng serta mucuk-mucukaken tambah cilik lan lincip (kanggo nyunduk daginge). Umume nyate iku wajib kerana kanggo mbedakaken tepak nyuguhi sega nyang tamu. Suguhan segane wong lanang ambi wadon ana bedane (teradhisi mbedakaken suguhan sega magih ana ring jaman saiki). Suguhan sega wong lanang iku umume rawon ketambah sate. Hang kanggo tamu wadon mung rawon uga ya kadhang ditambahi endhog utawa pariasi liyane hang penting hing kathik sate.

Penulis: Muhamad Novi Yusup (Opi)

(Ana Sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muhamad Novi Yusup (Opi)

Editor: Hani Z. Noor