Rujak Cemplung

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Januari 2021 07:46 WIB)
- Kuliner



Sing kaya ring Banyuwangi, rujak akeh maceme. Gedigu uneke gendhing Banyuwangi.

Jeh, Banyuwangi ya! Mula sing ana putuse wong Banyuwangi kadhung wis nggesahaken panganan. Rujak hang kadhung ring kutha liya mung ana rong macem utawa telung macem, nong Banyuwangi bisa maneka rupa lan arane.
Hang paling kesuwur nawi rujak soto, rujak ramonan ambi rujak cemplung, kerana mula beda ambi ring kutha liya. Kadhung rujak pasrah utawa rujak kecut ring kutha liya ana rujak gobet. Rujak janganan memper ambi rujak cingur. Rujak gula ring kutha liya diarani rujak manis.
Dina iki nak nyacak ngedum cara olahe Rujak Cemplung. Byek, yara kemecer sulung, cangkem wis ngemu idu mbayangaken segere rujak iki, paran maning kadhung tepak rada mumet emeh pilek ika, rasane sakkal penyar.
Gancang wih, selak ngilur.

Ramonane:
Kates kemunir
Sabrang abang
Timun
Poh kemunir
Kedhondhong
Kadhung dhemen woh-wohan liyane ya sing ana larangan.

Ragine:
4 iris gula abang
3 iji lobok litik utawa sakdhemene
Sak pucuk sendhok teh terasi
Uyah secukupe
Sak sendhok mangan petis pindhang/abang
Sak gelas werak lirang utawa werak kelapa.
Kadhung sara goletane bisa diganti cukak ditambahi banyu secukupe
Asem mateng (bisa sing kathik)

Carane:

1. Kabeh ragi sakliyane werak/cukak digerus.
Sarta wis alus, buru werak/cukake ditambahaken nyang ragine. Tilikana rasane, paran kurange, kadhung wis pas sisihaken sulung.

2. Woh-wohan hang dienggo ramonane dikenceti, diumbah rijig.
Aju diirisi kothak-kothak cilik kaya dhadhu, langsung bain diirisi nong cuweke.

3. Kadhung wis mari diirisi kabeh aju digalo makene kokohe rada ngeresep nyang ramonane.

Penyaaarrr... Ana wong ayu utawa wong nggantheng liwat bisa sing ngerees ukurane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf