Sarasehan Budaya Banyuwangi
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 22 April 2025 06:28 WIB)
- Laporan
Manggon ring pendhapa Sabha Swagata Blambangan, para budayawan padha kumpul nekani acara sarasehan budaya hang dianakaken ring Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Budaya, Fakultas Ilmu Pengetahuan Budaya Universitas Indonesia kerja bareng ambi Pemkab Banyuwangi. Acara kang digelar dina Kamis tanggal 17 April 2025 iku kelaksan kelawan lancar. Para undhangan kang teka padha miloni acara sampek bubar.
Cocog ambi temane sarasehan, “Budaya Banyuwangi dalam Perlintasan Makna: Kajian atas Transformasi Mistik, Estetik dan Komersial” panitiya acara Handoko, Inisiator Banyuwangi Culture Studies nekakaken narasumber kang sing bain-bain. Dr.phil.Lily Tjahjandari, M.Hum.,CertDA Kepala PPKB FIB UI mula penter nggawa acara sarasehan saingga hadirin sing kepingin ngelisik teka lungguhe. Saben ganti utawa ngawiti kang arep disampekaken narasumber mesthi njaluk penemune utawa masukan sulung teka hadirin kang mula tokoh-tokoh budaya lan tokoh-tokoh adat Banyuwangi. Tokoh-tokoh utawa budayawan kang dijaluki pendapat kaya Samsudin Adlawi, Elvin Hendrata, Aekanu, lan akeh liyane.
Sakdurunge acara inti sarasehan, hadirin disuguhi tampilan musik angklung, macaan Lontar Yusup, lan jugedan teka sanggar lang-lang buana. Lontar Yusup kang digawa nyang Mala kerasa nyemendhal ning ati kerana kepinterane nggawa macaan Lontar Yusup wis kelas tingkat nasional. Bupati kang makilaken nyang asisten perekonomian pembangunan Drs Dwi Yanto nyatakaken kadhung Banyuwangi kang sugih budaya utamane bidhang seni, para senimane sing mandheg kreatip lan inopatip. Uwong lebih nyang Banyuwangi tinimbang Bondowoso masiya Ijen geopark iku wilayahe rong kabupaten ndhuwur. Kabupaten kang kejuluk Sun rise of Java iki bener-bener majokaken budayane. teradhisi lisan, panggonan wisata, bathik, kabeh dadi wigatine pemerintah kabupaten Banyuwangi. Anane sarasehan diarepaken budaya duweni makna kang lebih kanggo pemajuan kebudayaan ring Banyuwangi.
Narasumber kang kawitan ngisi sarasehan iki yaiku Prof. Dr. Agus Aris Munandar, M.Hum. Guru Besar FIB Universitas Indonesia. Kang disorot ambi Prof. Agus iki ngenani perkembangan kebudayaan Indonesia, mulai teka mitis, ontologis, lan fungsionil. Sedheng lini masa kebudayaan dikawiti sakat pra sejarah, proto sejarah, ngadege keraton-keraton kawitan, perkembangan Islam, aju jaman kolonial. Banyuwangi (Belambangan), kelebu wilayah Majapahit bagiyan wetan kang arane Lamajang tigang juru. Iki dibuktekaken nong Nagarakertagama lan kitab Pararaton. Bukti liyane yaiku anane relief cerita Sri Tanjung ring Candi Jabung Probolinggo kang sakteruse ditapsiraken dadi cerita Sritanjung bakal dadine kutha Banyuwangi. Sri Tanjung, ditudhuh lakine Raden Sidapaksa sing setiya aju disuduk nganggo keris, lan arwahe munggah kang sakteruse ditulung Ra Nini (Batari Durga). Persi ring Banyuwangi, Sri Tanjung dipateni lakine aju diceburaken banyu kang getuh lan bacin. Sekala banyune dadi kening lan arum saingga diarani Banyuwangi. Cumong ana tapsir kang keliru kanggo sejarah ngenani Damarwulan-Menakjingga. Masarakat nganggep cerita rakyat iki ana ring sejarah perang Nambi-Majapahit lan perang Paregreg.
Prof. Agus uga nyampekaken ngenani kepurbakalaan. Nurut iyane, tinggalan candhi/ kedaton ring Banyuwangi akeh kang ilang. Tinggalan Macan Putih, kang ana ring lukisane Landa iku wis akeh kang ilang kadine sejarah Macan Putih sing pati jelas, aju masarakat nganggep Macan Putih mung cerita rakyat.
Sakteruse narasumber Prof. Dr. Novi Anoegrajekti, Guru Besar Universitas Negeri Jakarta lebih nyoroti gandrung. Nurut Prof. Novi gandrung kang dadi maskot Pariwisata Banyuwangi, lan tari Jejer Gandrung minangka tari Selamat Datang, seni tradisi iki ngalami metamorfosis teka seni perjuwangan dadi seni pergaulan kang ahire dadi seni hiburan. Pungkasan, sarasehan budaya iki disampekaken ambi ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Drs. Hasan Basri.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








