Sejarah Teh lan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 Maret 2023 09:06 WIB)
- Laporan



   Jakarta jaman bengen dadi panggonan kawitan ditandure bibit teh ring nusantara. Ana ahli wit-witan Andreas Cleyer hang nggawa bibit teh teka Jepang kanggo wit-witan hiyas ring Tijgergracht Batavia taun 1684. Sepuluh taun sakuwise, F. Valentijn nulis gok ana perujukane wit teh ring latar istanane Gubernur Jenderal Champhuys ring Jakarta.
   Kala semono Indonesia magih dadi jajahan kelawan aran India Landa (kanggo mbedakaken ambi Indiane Inggris). Aju ring Bogor, hususe Kebun Raya Bogor, dadi panggonan ditandure teh ring taun 1824, naming Banyuwangi (persise ring ereng-erenge Gunung Raung) uga dadi panggonan penting minangka papan kebonan kawitan.
   Ring bukune Leaf it to Tea, Santhi Serad nulis, marek ditandur ring Land’s Planteuin Buitenzorg (arane Kebun Raya Bogor bengene), aju taun 1827, teh mangkat nyacak ditandur ring kebun Cisurupan, Garut. Dirasa sukses, aju teh ditandur ring Wanayasa Purwakarta lan Gunung Raung gedhi-gedhian. Cumpu apik.
   Mangkane ahli teh wong Landa hang aran Jacobus Isidorus Loudewijk Levian Jacobson ngupayaaken kanggo ngadege kebun teh komersial ring Jawa taun 1828. Wolung taun sakuwise, India Landa wis bisa ngadol lan ngekspor asil kebun teh hang kawitan nang Amsterdam, Landa.
   Malah taun 1830, pemerintah kolonial Landa nganakaken cultuurstelsel (sistem tanam paksa) ndadekaken teh iku uwit hang wajib ditandur minangka komoditi andhelan. 
   Gedigu tulise Santhi Serad ahli ilmu lan teknologi panganan herbal hang uga ngedegaken Gerakan Aku Cinta Masakan Indonesia bab wit teh lan sejarahe ring Banyuwangi. Minangka ahli panganan herbal, iyane nggawe kebun herbal ring Bandung hang tujuwane yaiku milu nguri-uri kuliner nusantara lan minangka salah siji kekarepane milu ngelestarekaken wit-witan ring Indonesia.
   Santhi ya dudu wong adoh kanggone Banyuwangi. Bapake, Suwarno Serad wong Karang Baru Banyuwangi kutha hang taun 1960 wis dadi dosen ring ITB Bandung. Edheng? Jaman iyane kuliyah ring ITB, durung ana SMA ring Banyuwangi. Pak Serad hang hing tau ngimpi dadi guru, dadi anggota TNI lan pegawai perusahaan, malah bisa dadi telu-telune. Dadi dosen taun 1960, aju sakat 1965 ngerangkep dadi anggota TNI liwat wajib militer lan taun 1981 metu lan dadi direktur ring perusahaan Djarum.
   Santhi mbukak panggonan restoran ring kawasan elit Kemang Timur hang akeh dadi umahe ekspatriat (wong negara manca hang megawe ring Indonesia) lan ndadekaken buritan restorane dadi setudhiyo olah-olah hang kerep dienggo ngajari olah-olah. Ring kono ana rambanan hidroponik (nandur sayuran mung nganggo banyu) lan uga bengahan kanggo ngeweleki daging lan tumpukan kayu rambutan hang dienggo mbakar daging.
   Asile daging welek iku bisa ditiliki ring Ramurasa Cooking Studio and Coffee restorane mau. Olah-olahan hang paling didhemeni pelanggane nong kono yaiku sega goreng lucu (hang dirajangi kembang lucu utawa nong Jakarta arane kecombrang) lan irisan daging hang wis mateng merga diweleki.
   Ceritane bapake, Santhi kadhung diejak nong Banyuwangi, kerep ngilang, isuk-isuk digoleti wis hing ana. Cumpu iyane wis ngider sulung nong pasar, panggonan hang iyane dhemeni kanggo ndeleng paran-paran hang diedol lan motreki wong-wong hang ring pasar. Bukune mau, Leaf it to Tea, hang diterbitaken Afterhours Books lan kandele 254 halaman, mula isine akehan potrek timbang tulisane. Mula dudu potrek karyane dhewek naming bareng ambi kanca-kancane kayata Adrianus Adrianto, Win Soegondo, Shamow’el Rama Surya lan Lans Brahmantyo.
   Bukune iku uga ngomongaken maneka maceme teh sak nusantara, kelebu teh hang digawe teka godhong pegagan, godhong kopi lan liya-liyane. Naming eman hing ana teh cascara, yaiku ombenan teh hang digawe teka kulite woh kopi hang dipepe sampek garing lan diecom wedang. Teh cascara iki saiki akeh didhemeni wong Banyuwangi. Ombenan teh taping rasane/ambune kaya kopi. 
“Yaiku kadhung gedigi, kepingin ngetokaken edisi revisine,” jare Santhi nganggo basa Indonesia.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor