Sensren Suwuke Gandrung (bag 1 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 18 Maret 2026 07:23 WIB)
- Opini
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Adhung sampur abang hang nyelempang nung pundhake wis semeliwer milu umike jugedan nung ndhuwur genjot, dedeg lan peraupane si gandrung kaya-kaya sing luput teka matane kabeh penonton hang ndeleng. Sak tingkah lan egolane terus bain dietutaken ambi matane penonton, sampek sewengi jampleng, sampek gandrunge mudhun teka genjot.
Ndeleng kahanan hang kaya iku, kaya-kaya si gandrung iku dadi ‘sembrani’ hang nggarai matane penonton sing bisa ngalih teka paran hang dideleng.
Kamangka, nung penguripan sedinane meh kabeh para Gandrung Terob iku uripe ya biyasah-biyasah bain. Jejeg lan peraupane ya kaya umume masarakat biyasah. Malah arang hang bisa diarani ayu.
Naming, kala wis dandan lan nganggo penganggo kumplit sak omproge, dedeg lan wujud si gandrung iku bakal adoh seru bedane teka urip sedinane. Uwahe peraupan lan dedege si gandrung iku malah bisa dideleng ambi mata normal lan sapa bain bisa katon. Iku merga umume para Gandrung Terob nganggo utawa duwe ilmu pengasihan hang diarani ’Sensren’.
Ilmu pengasihan utawa sensren hang dienggo ambi para Gandrung Terob iku tujuwane ya mung siji, yaiku supaya iyane di-gandrung-i ambi para penonton kala main nung ngingsor terob. Kadine, aja heran adhung unyik lan goyang-jugede gandrung kaya-kaya bisa gawe leleh atine hang ndeleng.
Kaya hang ditulis nung buku “Isun Gandrung”(penerbit SKB Okt 2022), nyatane ya sing kabeh gandrung hang gelem ngakoni adhung iyane nganggo Sensren. Ana gandrung hang sing rumangsa nganggo sensren, naming iyane ngakoni adhung wedak hang dipulasaken nong raine iku dudu wedak hang digawa dhewek, naming digawakaken ambi tukang paese.
Miturut ceritane, hang aran sensren iku bisa wujud ‘jimat’ hang arupa barang hang dienggo langsung nung awake kala arep main, bisa wujud ‘rapal’ utawa amalan hang kudu diwaca, utawa uga bisa liwat wedak hang wis dijampi-jampi sulung ambi ‘wong tuwek’ hang nyekel iyane.
Mulane akeh uwong hang ngomong adhung sing ana hang aran gandrung iku sing kathikan nganggo sensren. Mesthi kabeh nganggo, masiya beda-beda wujude.
Biyasahe, si gandrung iku buru diulihi utawa buru diweni sensren hang kudu dienggo adhung iyane dianggep bisa nampa kabeh hang diwurukaken ambi guru gandrunge. serta wis ulih lan wis nganggo sensren iku si gandrung buru wani munggah genjot.
Sensren hang dienggo ambi para gandrung iku diweni utawa digawekaken ambi ‘wong pinter’ utawa hang biyasah diarani ‘dhukun’ hang wis dipilih ambi guru gandrunge. Ulih pesenan teka guru hang muruki si gandrung, dhukun utawa ‘wong pinter’ iku mau aju mangkat ngelakoni ‘ritual’ kaya dene ‘puwasa mutih’, ‘puwasa nge-bleng’ lan sak piturute sampek ulih ‘wangsit’ ngenani wujud paran sensren utawa ‘jimat’ hang bisa dienggo ambi si gandrung.
Umume, sak liyane nggawekaken sensren, 'wong pinter' iku mau uga didapuk dadi ‘juru keamanan’ hang tugase njaga keamanan lan keselametane si gandrung teka macem-maceme godha barang alus (mistis) hang kapan bain bisa ngganggu utawa ngantem si gandrung.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.