Sensren Suwuke Gandrung (bag 2 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 20 Maret 2026 08:21 WIB)
- Opini



Ditulis ring Eko Budi Setianto

Sensren hang dienggo ambi para gandrung iku diweni utawa digawekaken ambi ‘wong pinter’ utawa hang biyasah diarani ‘dhukun’ hang wis dipilih ambi guru gandrunge. Ulih pesenan teka guru hang muruki si gandrung, dhukun utawa ‘wong pinter’ iku mau aju mangkat ngelakoni ‘ritual’ kaya dene ‘puwasa mutih’, ‘puwasa nge-bleng’ lan sak piturute sampek ulih ‘wangsit’ ngenani wujud paran sensren utawa ‘jimat’ hang bisa dienggo ambi si gandrung.     
    Umume, sak liyane nggawekaken sensren, 'wong pinter' iku mau uga didapuk dadi ‘juru keamanan’ hang tugase njaga keamanan lan keselametane si gandrung teka macem-maceme godha barang alus (mistis) hang kapan bain bisa ngganggu utawa ngantem si gandrung.
   Miturut pengakuane para gandrung, wujud lan maceme Sensren hing mesthi padha ambi liyane. Iku gemantung teka sapa uwonge hang nggawekaken. Merga iku, hang aran Sensren bisa rupa ‘rapalan’ utawa ‘japa mantra’ hang kudu diwaca ambi gandrunge sak durunge munggah genjot utawa bisa merupa wedhak, lenga wangi utawa barang-barang liyane hang wis diweni ‘japa mantra’ ambi dhukune hang nggawe.
   Kadine, kuwat lan ampuhe sensren kanggo siji-sijine para gandrung mesti beda-beda. Iku gemantung teka sapa hang nggawe lan nguweni. Kaya dene penganggo, hang bisa nggawe wong hang nganggo katon ayu, semono uga sensren. 
    Ana Gandrung hang mung kala main nang ndhuwure genjot thok katon ayu lan nggawe kesengseme hang ndeleng. Naming uga ana ayune gandrung merga sensren iku hang kegawa sampek nung urip sedinane. Iku bisa dideleng teka urip sedinane si gandrung, hang tetep bisa nggawe kesengseme wong lanang hang nyawang.
    Kaya hang diakoni ambi Gandrung Sunasih teka Cungking. Jare Sunasih, hang aran Sensren iku dudu mung ‘ilmu pengasihan’ biyasah. Sensren duwe ‘kekuwatan’ hang bisa nggarai uwong lali kaya dene keneng ajian ‘Jaran Goyang’.
    “Bengen iku isun tau ngalami. Pirang-pirangane dina Isun terus dikinthili ambi Wong China teka Glenmore. Wong iku terus-terusan kinthil lan nguber-uber Isun. Serang apale adhung ana wong iku nginthil, masiya teka kadohan Isun sampek apal nyang unine klakson montore. Ya untunge Isun mesthi bisa nyelindhut terus sengidan. Adhung wis gedigu iku, Isun aju melayu sengidan nyang umahe Embah,” jare Sunasih ngenget-enget pengalamane.
   Liya dina, jare Sunasih nerusaken ceritane, wong China hang terus-terusan nginthili iyane iku nekad teka mertamu nyang umahe ambi nggawa kanca kiyai. “Wong iku ngakune arep ngelamar lan ngerabi Isun, naming mung dikawin siri. Ya Isun hing gelem tah!,” jare Sunasih ambi matane rada mendelik.
   Bab ilmu pengasihan hang aran sensren iki, mula sing kabeh Gandrung hang gelem nyeritakaken. Merga kekuwatan utawa keampuhane ilmu goib hang wis diakoni ambi para pemaju hang wis nyandhu nang kesenian gandrung iku wis dadi siji (nyawiji) nung awake gandrung lan dadi rahasiyane gandrung dhewek-dhewek.
    Anggepan uwong hang ngarani adhung Gandrung iku umume dhemen selaperan, dhemen kawin-pegatan lan ngganggu umah-umahe liyan, bisa uga iku merga kekuwatan sensren hang dienggo nung awake.
    “Adhung gandrung diarani hang macem-macem, kaya dene: dhemen selingkuh, dhemen kawin-pegatan lan dhemenane ambi lalare nom-noman, iku wis biyasah. Masiya tah wis sing kabeh gandrung hang kaya iku, naming hang aran gandrung iku mesthi sing luput teka anggepan-anggepan hang gedigu iku. Adhung ana hang ngarani kebiyasahan elek si gandrung iku merga ana pengaruhe teka Sensren hang dienggo, miturut isun, ya bisa bain kaya iku. Paran maning, hang diadhepi gandrung iku yara uwong akeh, hang godhane ya abot,” jare kang Sunaryo, tukang gedhog hang uga juragan gandrung hang umahe nung Dusun Bongkoran, Desa Parijatahwetan, Kecamatan Srono, ngenani sensren.

(Ana Terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.