Sensren Suwuke Gandrung (bag 3 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 Maret 2026 06:06 WIB)
- Opini
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Kaya hang tau diceritakaken ambi (ruwahe) Gandrung Aripah nyang penulis, kanggonane sensren iku sing mung sewates kala-kala main nung ndhuwur genjot thok.
“Tebu gula ditandur pinggir pendapa... Niba-niba polahe wong keneng guna... Gedigu jare gendhinge. Dadi hang aran gandrung iku ya mesti nganggo sensren, makene uwong padha dhemen lan katon-katonen,” jare Gandrung legendaris asal teka Desa Mangir, Kecamatan Rogojampi iku.
Hang diomongaken Gandrung Aripah adhung gandrung iku mesthi nganggo sensren, dibeneraken ambi (ruwahe) Gandrung Poniti (Gandrung Pon).
Kaya hang diceritakaken langsung nyang penulis rikala gandrung legendaris teka Kecamatan Singojuruh iku magih ana umur.
Jare Gandrung Pon, hang aran sensren iku umume digawekaken ambi dhukun hang wis dipilih ambi juragan utawa Emak-emakane si Gandrung
Sak liyane dienggo pengasihan, jare Gandrung Pon, sensren iku uga dadi ‘kekuwatan’ kanggone si gandrung supaya kuwat njuged lan gendhingan sewengi jampleng tanpa kepingin nguyuh. Naming, ujare, sensren hang dienggo ambi gandrung iku uga ana hang ulihe ngelakoni dhewek.
“Ya kaya Isun iki. Sensren hang Sun anggo iku ulihisun ngelakoni dhewek,” jare Gandrung Pon.
Jare Gandrung Pon, iyane ngelakoni dhewek kala nggawe Sensren iku dudu merga iyane sing percaya ambi wong tuwek utawa dhukun hang wis dipilih juragane.
“Dudu merga sing percaya ambi dhukun hang nggawekaken, naming isun lebih yakin kelawan cara ngelakoni dhewek. Ya puwasa, ya selametan lan maca-maca donga dhewek. Merga Isun wis bisa dongane. Malah ana gandrung hang njaluk Isun hang nggawekaken sensrene. Ya Hun lakoni,” jare Gandrung Pon, hang ninggal dunya dina Senin, 8 Juni 2020 ring RSUD Blambangan.
Pemerhati Kesenian gandrung Terob, Hasan Basri, njelasaken, anane sensren hang dienggo ambi para gandrung iku sipate ‘kondisional’ lan gemantung noring jamane.
“Adhung jaman bengen, nganggo sensren iku wis biyasah lan diperlokaken. Iku merga anane saing-saingan utawa kebutuhan si gandrung supaya tahan lan kuwat ngadhepi pengaruh-pengaruh teka njaba.
Naming sak iring ambi kemajuwane jaman, nganggo sensren tah using iku saya suwi saya sing penting,” jare Kang Hasan Basri, hang uga Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Banyuwangi.
Paran hang diucapaken Kang Hasan Basri iku dibeneraken ambi Gandrung Lina. Gandrung Terob hang buru munggah genjot nung taun 2000-an iku ngaku adhung iyane mula sing kathikan nganggo sensren.
“Isun weruh lan ngarti hang aran sensren. Naming Isun sing kathikan nganggo gedigonan iku wis. Makene gedigi bain, dadi gandrung paran anane. Magiya ya ana bain uwong hang gelem ngundang Isun,” jare Gandrung Ayu teka Desa Ketapang, Kecamatan Kalipuro iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.