Sikep Sang Timur Tlatah Alas Purwo

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 18 Maret 2024 07:27 WIB)
- Laporan



Maca judhule kira-kira ngomongaken paran? Iki mung perasangkane penulis. Kadhung hang mula durung tau kerungu judhul nong dhuwur, penulis arep njelenterehaken masiya sak mampune penulis.  

Seminggu sakdurunge puwasa, wayah bengi Rebo tanggal 6 Maret 2024  ring Ruang Terbuka Hijau (RTH) Purwoasri Tegaldlimo rame padha ndileng tontonan Sendratari garapane Padepokan Seni Alang-alang Kumitir kang duwe motto "Menabur Karya Menuai Budaya" dipimpin Punjul Ismuwardoyo lan didhukung Galeri Indonesia Kaya (GIK) Jakarta. Kerana sendratari kontemporer iki motrek kelendi harmonise urip ring Alaspurwo mangkane padhepokan iki njuwut judhul Sikep Sang Timur Tlatah Alas Purwo. Sakliyane sendratari iki disuteradarai Punjul Ismuwardoyo, ana Reni Wiritanaya hang nggarap koreogerapine sedheng artistik ditangani Wisang Jati lan Feri.

Punjul Ismuwardoyo nong sambutane nyampekaken kadhung sendratari kang tampil dalu iku motrek penguripan kang harmonis antarane menungsa, kewan, wit-witan, banyu, angin, geni lan mahluk liyane. Iyane nyampekaken penguripan ring kono ebek eksotika.

Sendratari kang digelar sak jam suwene iku dipara dadi petang adegan, kang urut sampek penutup. Pembukane nggambaraken maceme etnis agama lan kepercayaan kang ana ring njero lan sekitare Alaspurwo padha ibadah, ndonga, malah ana kang mertapa.

Adhegan kang kawitan motrek njerone Alaspurwo. Katon nep-nepan kang seliweran saingga muncul dedege Mbah Wagini, anak genderuwo kang njaga Alaspurwo, lan kewan-kewan uga wit-witan kang ana ring njerone. Kerana nyeritakaken nong njero alas kadine adegan kang kawitan iki kerasa medeni.

Ring adegan nomer loro sing nyeritakaken ring njero alas maning taping ring njabane utawa sak ubenge. Mesthi bain ring adhegan iki motrek uripe menungsa sedinane masiya tawis wong-wong kang tampil ring kono padha nganggo kelambi gandrung. Uripe padha rukun, pating njaga antara menungsa, kewan, lan wit-witan. Dadi nggambaraken harmonise menungsa kang njaga, kewan, wit-witan, banyu, geni, angin lan alam liyane.

Adegan kang kaping telu ana rong bagiyan. Kang sulungan nggambaraken wayah isuk sampek soren (raina) aju bagian wayah bengi (dalu). Bagiyan raina penari-penari tampil apik nggambaraken megiyete menungsa kang nggolet pangan, macan si raja alas, lan kewan buwas liyane ring sedinane. Serta ring bagiyan wayah dalu, penonton diejak ring njero alas lan penunggune maning. Lare-lare cilik kang nonton padha nekepi raine taping ring sela-sela derijine magih bisa ngintep. Lampu-lampu lan ilustrasi tabuhan digawe serem. Ring kono muncul wong wadon, aran Ibu Bumi nganggo kelambi putih lan omprok kang kelire putih pisan. Sampinge Ibu Bumi iki wong lanang kang nganggo kelambi putih, lan raine ditutupi topeng. Taping ring sendratari iki anane wong loro kang nganggo kelambi putih dudu meden-medeni taping nguweni rasa adhem, ayem, lan tentrem nyang sekabehe kang ana ring njero alas iku.

Pungkase adegan, ring kene motrek maning kelendi harmonise penguripan ring Alas Purwo. Masiya panggonane medeni merga arane alas taping nggarai penasaran kerana ombak segara Plengkung panggonan selancar donya. Pemain- pemaine kang mula murid asuhane padhepokan Alang-alang Kumitir dhewek, seru pinter ulihe nggawa cerita iki. Kompak, kesit, lan apik. Sing kerasa mara-mara adhegan wis pungkas. Kabeh penari kang nggambaraken penguripan nong Alaspurwa nutup ambi adegan ndonga nyang Kang Maha Kuwasa.

Ewonan penonton sendratari iki sing mung masarakat Purwoasri thok taping teka masarakat sak ubenge kecamatan Tegaldlimo. Ring kono hadir pisan Hasan Basri ketua DKB lan pengurus liyane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor