Tan Tjin Djin, Arsitek Bangunan Keraton Macan Putih (2))

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 26 Februari 2026 07:14 WIB)
- Opini



Ditulis ring Kang Ujik

  Naming Tan Tjin Djin nampik perentahe Prabu Tawangalun, kerana iyane wis weruh sedurunge winarah. Ning Mengwi bakale arep ulih pitenah lan hasutan. Prabu Tawangalun terus meksa lan umbar sumpah, kadhung Tan Tjin Djin ring Mengwi ulih pitenah utawa cilaka, makene raja Macan Putih sampek nggadug anak-putune sing selamet. Kerungu sumpahe Prabu Tawangalun, Tan Tjin Djin wani menyang Mengwi nemoni rajane.
   Serta uwis ana kemupakatan, Tan Tjin Djin mangkat mbangun istana anyar kanggo raja Mengwi. Buru ulih separo penggaweyane, dikongkon mandheg ambi para punggawa kerajaan Mengwi. Mari gedigu, para punggawa iku ngadhep raja lan nyampekaken sembah aju ngomong kadhung penggaweyane Tan Tjin Djin iku dudu penggaweyan hang repot. Uwong-
wong Bali dhewek bisa nggarap kelawan upah murah, sing larang kaya dene mbayari wong Cina Tan Tjin Djin iku. Mulane Raja Mengwi aju ngomong: “Isun wis kadhung janji nguweni upah ning wong Cina iku. Paran maning wong Cina iku adoh-adoh Sun tekakaken merene”.
   Naming para Punggawa Mengwi iku mempeng supaya raja merentah mateni Tan Tjin Djin. Paran maning wong Cina iku nana rewange. Raja gelem nuruti kekarepane para Punggawa Mengwi iku lan
merentah supaya Tan Tjin Djin dipateni. Saingga sing susah-susah ngetokaken picis kanggo ongkos maning.
   Kanggo nerusaken ulihe mupakatan antarane raja lan punggawa iku, raja ngongkon wong loro teka golongan brahmana. Kawitane ngelakokaken
perentah, Tan Tjin Djin diajak melaku-melaku ring pesisir. Para Brahmana iku ngempet-ngempet aja sampek perentahe raja iku bisa diweruhi Tan Tjin Djin. Serta suwi ulihe keliling ring pesisir, para Brahmana iku sing tega arep ngelakokaken perentahe. Serta katon kepikirane, Tan Tjin Djin mungel,
“He…. Sira keloron iki yara dikongkon mateni Isun. Age lakonana wis. Aja susah-susah Sira keloron ulihe ngelakoni perentahe raja. Isun ngerti paran
hang diperentahaken ring Rika keloron. Isun sing duwe salah lan dosa. Iki alamate kadhung kerajaan Mengwi lan Belambangan sing bakalan suwi, sedhela engkas ambruk.”
   
(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.