Teka Tukangbesi Sampek Pring Sejuta, Aran Panggonan ring Toyaarum
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 29 Mei 2026 07:09 WIB)
- Esai
Ditulis ring Iskak Basuki
Aran Banyuwangi kabeh wis padha weruh asal usule apuwa kok diarani Banyuwangi. Ana riwayate utawa ceritane hang terus dadi tengerane tanah Jawa pucuk wetan iki. Basane banyu iku toya, wangi iku arum. Ting namane panggonan iku sing keneng dibesiki, sing perlu dibasakaken.
Ana, kerana, makene diarani lancar besiki sekabehe dibasakaken. Banyuwangi dadi Toyaarum. Diantem kerama, istilahe. Mauka, kerana wedi dianggep sing bisa basa, kepingin padha aluse ambi wong hang takon,
"Dalemipun pundi?"
"Toyaarum, Pak. Dugi Progangsal ngidul sekedhik enten Lepen Seng, kidule malih enten mergi ngetan; nggih niku terusa ngetan mawon mengke enten Prosekawan. Teng meriku niku, namine Tukangkajeng. Geriyankula madhep mengajeng".
Kauw...! Paham? Basane wong alus. Kampung Melayu ya dadine Kampung Melajeng.
Saben desa, saben kampung mula ana sejarahe. Kaya Tukangkayu iku, mulane diarani gedigu tandhane ring kono bengen akeh wong nukang kayu. Ring Tukangkayu lor, pareke SD Lumbung (Saiki SDN Tukangkayu), bengen ana wong-wong Cina hang megawene uga nukang kayu. Ring kono ana maning kampung hang diarani Tukangbesi, ana ring saberang wetane Hotel Berlin. Cilikanisun magih tumon ana pandhe, tukang nggawe lading, budhing, lan liyane ring kono. Wesine diobong sulung taker abang terus digepengaken, diantemi palu. Hang kondang akeh pandhene ya Panderejo. Panggonane para pandhe, wong-wong ahli nggawe sembarang gaman. Elore progangsal (proliman/perliman) melebu ngulon, kampunge taker diarani Kemasan. Panggonane pandhe mas-masan.
Kemasan melaku ngulon terus gadug Penataban. Endane panggonane natab? Paran hang natab lan natab paran endane, kari nyeja ana panggone. Baturisun megawe aseli wong kene, Penataban Lor, singkatane jare: Pelor. Aja dibasakaken.
Kelendi-kelendiya, aran Penataban magih sing kari aneh, magih bisa dikira-kira maksude. Sing kaya aran Gendoh, Benculuk, Muncar. Paran acake artine?
Wong saiki sing ana hang 'mudheng'. Kudune, apike, mangkat digoleti lan ditulis asal muasale saben kampung lan desa supaya wong saiki lan seteruse paham sejarahe apuwa leluhur bengen ngarani gedigu?
Arane ana hang ngamet arane wit-witan, kaya Dadapan; ana hang nganggo arane uwoh-uwohan, contone Kepundungan.
Gelem-geleme ngarani ana hang taker kakehan seketane. Serang akehe jajang utawa pringe, pantese, diarani Pring Sejuta. Desane milu Kembiritan. Muga-muga bain jumlahe mula genep sak juta. Gena cocog. Byek! Kadhung ana hang negor siji bain arane kudu diuwah Pring Sangangatus Sangangpuluh Sanga Ewu Sangangatus Sangangpuluh Sanga!
Sing kaya sesepuhe Kalibaru, sing gelem repot golet nama. Kejaba Kajarharjo lan Kebonrejo, desa-desa liyane arane padha-padha Kalibaru mung ditambahi buntut sithik makene rada bida, yaiku Kalibaruwetan, Kalibarukulon, Kalibarumanis. Siji maning Banyuanyar; banyu iku ya kali, anyar iku baru. Temune bedhu. Artine sing liya ya Kalibaru.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.