Tetanen Pari Cara Wong Using (Bagian 3, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 Februari 2024 08:25 WIB)
- Laporan
Tetanen Pari Cara Wong Using (Bagiyan 3, pungkas)
Wis umum kebutuhan menungsa iku akeh maceme. Kebutuhan iku sakat teka sandhang, pangan, papan lan kebutuhan liyane. Mungguha wong urip, kebutuhan hang pasthi iku salah sijine yaiku pangan. Ring Indonesia, panganan utamane yaiku sega (pari). Indonesia kejuluk negara Agraris mergane sumber penguripan hang paling utama teka tetanen.
Hasil tetanen hang paling gede ring Indonesia wis umum yaiku pari. Mangkane Indonesia dadi salah sijine lumbung pari ring donya. Kelendi tata carane nandur pari mesthine kudu diweruhi, aja mung ngartine kadhung wis dadi beras utawa sega. Sedurunge jaman maju kaya saiki, tata carane tetanen pari magih nganggo cara tradhisional. Mungguhe wong Using, tata carane nandur pari iku akeh macem carane. Sakat nyiyapaken lemah sawah, nyiyapaken winihe sampik engko wayah panen iku akeh hang kudu dilakoni ambi wong tani.
Ring tulisan iki, arep Sun jelasaken istilah-istilah tetanen pari carane wong Using. Sakat teka kawitan sampik pungkasan nggampung. Bagiyan iki tulisan pungkasan, hang sedurunge bagiyan siji ngomongaken bab Nyiyapaken Lemah, bagiyan loro Tandur lan Ngerawati Parine.
4. Nggampung, wayahe panen pari.
Ring wayah nggampung iki ana pira-pira istilah yaiku:
Ngarit/Nggampung, ngethok uwite pari nganggo arit utawa gampung (ani-ani).
Napel, ngelumpukaken uwite pari hang mari dierit ring panggonan hang arep dienggo ngebros pari. Tumpukan pari hang mari dierit diarani Tapelan (tumpukanpari hang mari dierit/digampung)
Nggebros, misahaken/ngerontogaken gabah teka gagange pari.
Iles/Ngiles, misahaken gabah teka gagang pari hang durung rontog tepak wayah nggebros. Gabah hang durung rontog diiles/diidek-idek makene coplok teka gagange.
Nyilir, misahaken gabah hang mentes ambi gabah hang gabug/kopong lan teka godhong pari hang katut tepak wayah nggebros.
Nggagas, leles nggolet kari-karine gabah hang mari digebros. Alat dienggo nggagas iki diarani Kesrik/Kesik wujude wesi cilik hang ana gegeran/cekelan kayu.
Uput-uput, leles golet pari hang ceceran sing katut nang tapelan, kelalen ring kedhokan tepak wayah ngarit.
Gelaran, lemekan hang dienggo nadhahi gabah wayah nggebros makene sing ceceran lan sing leleran ning lemah kedhokan biyasahe teka terpal utawa jabil.
Rancakan, alat teka kayu hang dienggo ngebros pari makene gabah rontog teka gagange uwit pari.
Kadhung pari digampung nganggo ani-ani ana ukuran/takeran akehe yaiku:
Sak Bentel, ukuran pari hang akehe rong (2) gegeman tangan aju ditingkes.
Sak Ringgi, ukuran pari hang akehe 10 bentel.
Opah-opahan (ongkosan) tepak wayah panen pari:
Wadal, upah/ongkos hang diuwakaken nyang Badal (Jaga Tirta/Mudin Banyu) hang ngatur banyu nyang sawah wong tani.
Onjet, upah/ongkos kanggo wong hang gotong-royong/ngersaya nggampung pari. Biyasahe upahe pari bentelan.
Sedurunge ana mesin selep pari, proses ndadekaken gabah dadi beras yaiku:
Nutu, misahaken beras teka kulite (gabah) kelawan dibebeg nang lumpang.
Inter/Nginter, misahaken beras ambi gabah hang durung pecah hang mari ditutu nganggo nyiru.
Tamper/Namper, ngerijigi beras hang mari diinter teka dhedhek/katul.
Iku kabeh proses lan istilah ring tetanen pari cara tradhisional mungguha wong Using Banyuwangi jaman bengene sakdurunge jaman saiki hang kabeh wis padha nganggo mesin. Muga bisa nambah wawasan lan nguri-nguri tradhisi hang ditinggalaken embah buyut bengen. (Pungkas).
(Satria Pujangga)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


