Tonjokan Cara Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 26 Maret 2026 06:52 WIB)
- Opini
Ditulis ring Iskak Basuki
Kebiyasahane uwong iku dhewek-dhewek, beda-beda, macem-macem; ana hang apik, ana hang elek. Apik utawa elek kadhang padha-padha ana hang niru, dilakoni ambi wong liyane, embuh wong siji, embuh wong akeh. Gelem nge-trend trending, bisa uga viral, jare lare saiki. Trend lan viral iku dhewek sing liya istilah anyar, teka kulon adoh kana ditiru, dienggo ambi wong kene.
Kebiyasahane wong akeh ring desa utawa suku tertentu -- hang apik-apik -- diarani adat, adat-istiadat. Diantemi ombak lan aruse jaman, adat-istiadat akeh hang wis ilang, ana hang mati-matian diraksa, diugemi ambi masarakate. Buktine pirang-pirang.
Ana maning hang maune hing ana dadi ana. Kawitane nawi teka upakarane wong siji -- kaya dene sembarang hang nge-trend lan viral ting kerana apik ahire diterima lan dienggo ambi dulure, terus ambi tanggane, terus ambi warga tangga desane, lan seteruse. Dadi ana adat-istiadat anyar, masiya nawi mung sawetara.
Salah siji contone, gampange, ya hang katon ring gambar iku. Tumon? Iku kartu undangan. Ring umahrika tataan sing ana. Iku sore isun weruh ring dhaerah Watu Ulo (Jember), ring salah sijine desa. Undangane wong iwuh, kanggone wong lanang sukur nggawe sak lempir aju dipotokopi cilik-cilik, aju diselipaken nong bungkuse rokok; kanggone wong wadon ditemplekaken nong bungkuse sabun.
Iku tonjokan modhel anyar. Peraktis mula. Adate tonjokan yara arupa panganan mateng diwadhahi katrol, diateraken nang saben alamate wong hang diundang.
Munggone parek kabeh. Mbegh! Perot...eh, repot temenan pokoke, ndhuh! Abot nggawane ya terang wakeh bandhane. Bandhingena ambi udud lan sabun. Nyangking sekeresek bain sedhilutan ulih wong akeh.
Sedurunge iki setemene isun wis tau weruh ring dhaerah Wongsorejo. Ring kono adate wong undang-undang ya nganggo sabun; rokoke embuh, sing tau kerungu isun. Temune saben usum wong iwuh akeh wong mborong sabun, garus hang arane sabun. Hang nganggo rokok semono uga. Pantese, mari adus awake rijig, wangi, ambi ududan pating berangkat kundangan.
Kelendi miturut rika? Kelendi adate ring umahrika? Arep niru mangga, beda sing dosa.
Desa mawa cara. Utawa, lain ladang lain belalang, lain adat lain undangannya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.