Tradhisi Mbuwang Jangan, Mbuwang Sangkal Lalare Bayi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 Februari 2024 08:20 WIB)
- Laporan



Penguripan menungsa iku mula kudu laras ambi alam lan lingkungane. Kadhung ana hang sing laras, biyasahe, uwong iku aju akeh ngalami gangguan lan kerep keneng apes. Miturut sesepuh lan Tokoh Adat Desa Kemiren, H Djohadi Timbul, kadhung ana uwong hang kerep ngalami nasib sering nemu apes lan jarang bisa ‘nggayuh angenan’ utawa pegaweyan hang dikarepaken, iku merga uwong iku wis tau nerabas ‘pantangan’ utawa aturan-aturan hang sipate ‘ilok-ilok’ kadhung diterabas.
   Setemene paran bain hang dianggep ‘ilok-ilok’ utawa hang dadi ‘pantangan’ hang sing oleh diterabas iku?
   Jare H Djohadi Timbul, ana uwong-uwong nong kalangan Masarakat hang nduweni ‘pantangan’ utawa ilok-ilok nandur, methik, utawa mangan asil-asil pertanian hang wernane cemeng kaya; Ketan Cemeng, Tebu Cemeng, gadhel Cemeng, lan sepiturute. Kadhung ‘pantangan’ iku diterabas, biyasahe uwong iku aju kerep nemoni nasib sial lan kerep keneng apes. Miturut kepercayaan tradhisional kaya hang diugemi ambi komunitas Masyarakat Using Desa Kemiren, nasib sial lan apes-apes hang wis kadhung jangget nang uripe uwong iku bisa bain ‘nitis’ utawa nurun nang anak putune.
   Naming, nong kalangan Masarakat Using Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, ana cara-cara tradhisional arupa ‘ritual’ utawa selametan hang nyeja dianakaken minangka ihtiar mbuwang sangkal dienggo ngilangaken apes lan gangguan-gangguan hang kaya iku.
   Kanggo ngelungsur utawa ngilangaken nasib sial lan apes supaya sing sampek nurun nang anak-putune, keluwargane kudu nganakaken ritual utawa selametan hang diarani; ‘Mbuwang Jangan’. Tradhisi 'Mbuwang Jangan' iku biyasahe dianakaken kanggone lalare cilik hang wis ditemokaken kadhung salah siji wong tuweke utawa kakik lan embahe, kerep nemoni sial lan apes merga wis tau nerabas ‘pantangan’. Tradhisi 'Mbuwang Jangan' iku kudu dianakaken kala si Lare umure magih durung genep setaun.
   Padha ambi arane, tradisi 'Mbuwang Jangan' yaiku mbuwang jangan utawa ‘masakan’ hang nganggo kokoh utawa duduh hang biyasahe dienggo lawuh madhang, Nyang elongane pelanca hang biyasah dienggo turu si Lare.
   Tradhisi ‘aneh’ iku nduweni maksud supaya si Lare bisa luput teka apes lan sial hang wis kerep dialami ambi wong tuwek utawa kakik-buyute. Jare Djohadi Timbul, tradhisi hang kaya iku minangka medhot sambung-rentenge pantangan hang sering dialami ambi wong tuwek utawa kakik-buyute
   Tradhisi 'Mbuwang Jangan' iku dikawiti ambi selametan kelawan ngundang tangga-tangga hang ana ring sak ubenge. Sak teruse, kelawan disekseni ambi sanak-keluwargane si Lare uga para tamu hang teka nung acara selametan iku, wong tuweke si Lare aju mbuwang utawa nyiramaken jangan nyang elongane pelanca panggonane si Lare turu.
   Sakmarine mbuwang jangan, si Lare aju dituntun ambi wong tuweke menek andha hang digawe teka tebu cemeng. Lan sing kaya andha umume, palang-palang hang dipasang nggo pandalane sikil malah digawe teka barang-barang hang sipate landhep kaya tah pedhang, budhing, lan sepiturute.
   Jare Djohadi Timbul, iku mau minangka ‘simbol’ kadhung si Lare iku nduweni rasa wanen kala ngadhepi ‘pantangan’ kaya hang wis tau diterabas ambi wong tuwek utawa kakik-buyute. “Masiya wis arang ditemoni, naming tradhisi hang kaya iku mau ya magih ana lan magih dipercaya ambi masarakat,” jare Djohadi Timbul.

 (Eko Budi Setianto)



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eko Budi Setianto

Editor: Hani Z. Noor