Wajiwa: Mbalekaken Ambegan nyang Umah Jati Dhiri
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Jumat, 15 Mei 2026 06:37 WIB)
- Opini
Ditulis ring Elvin Hendratha, produser eksekutip Wajiwa
Dalu iku 25 April 2026, panggung ring Gesibu Banyuwangi uwah dadi altar panggonan muhasabah. Sewijine ruwang hang ndadekaken wektu kaya kelempit dhewek, nyarukaken lalare nom-noman jaman now ambi roh leluhur jaman taun 1771.
Minangka wong hang ngadeg ring mburine layar tontonan iki, isun hing ndeleng Wajiwa - Pandome Urip mung sukur dadi tontonan seni, taping uga dadi usaha kanggone mapag "nafas jiwa" hang nawi bain tau kecemplung nong tengah berebege modernitas.
Pasar, Sejarah, lan Geter Jati Diri
Kita ngawiti kabeh teka ring kahanan pasar desa taun 1771. Apuwa kok pasar? Merga nang kono ana getih uripe rakyat hang paling belaka suta, paran anane. Kene nampilaken sosok nom-noman jaman saiki, lengkap ambi headphone lan ubahe ati, hang mara-mara kecebur nyang wektu kala gendhing "Awug-Awug" nyapa isuk perengan Ijen.
"... njangkah langsam nyang panggonan tanpa wekasan hang arane: Pasar."
Noring tengah ramene pasar, lalare nom-noman iku kecaruk ambi Paman Sabung lan Roh Leluhur, sosok misterius hang dadi "arsip urip". Liwat dialog batin lan gerak Luk-eluk Lumbu, kene diengetaken gok atine menungsa aja kaya godhong tales utawane lumbu hang gampang oyag diterak angin liya. Kene kudu jejeg, merga nang getih iki mili sejarah gedhe Belambangan lan seduluran raket ambi Bali hang "loro tapi siji".
Perang Bayu: Tatu hang Dadi Sunar
Pucite Wajiwa iku nalika kene padha-padha nothok lawang sejarah taun 1771—Perang Bayu. Liwat "Kidung Bayu" penonton diajak nyurasa surake perang ngelawan Kumpeni. Iki dudu babakan ngundhat gereget, taping babakan ngundhuh semangat perjuwangan, wani njaga jiwa patriotisme.
Kene ngucap sumpah liwat suwara:
- Aja sampek kobong angkere Alas Purwo.
- Aja sampek goyang dedege Watu Dodol.
- Aja sampek gemulak arus banyu segara.
- Aja sampek nggeronthol gagahe Gunung Ijen.
Iki wekas ekologis lan uga spiritual. Njaga alam Banyuwangi iku kayadene njaga martabate awak dhewek. Kadhung alame rusak, ya oyag pisan jati diri menungsane.
Bengi iku, liwat Wajiwa, hing kaitung keseron gok isun ngarepaken musik lan karya iki nduwe kekuwatan lan diterima sampek njabane Banyuwangi. Merga kene butuh nyali kanggo melencat lebih adoh.
Pertunjukan iki digarap kelawan temenanan seru ambi tim hebat teka Sanggar Seni Joyo Karyo, dibantu para pemikir lan pelaku seni inti ring Banyuwangi, sampek bisa nggawe penari nyawijekaken awake ambi sejarah. Iki pertunjukan lintas generasi, ana 76 lare anak dhidhik hang ngersaya pating mikul bareng ambi hang senior kanggone njamin "napas jiwa" iki bisa nggayuh atine para penonton.
Ring pungkasan, tepak kabeh talent nggandhang bareng gendhing Wajiwa, ana rasa kemesar hang sing bisa dijelasaken. Iku tepak wayah ring endi pengengetan kolektipe kaya tangi maning. Kene nitipaken donga kanggo para putera bangsa hang wis mbela bumi pertiwi, kanggo Rempeg Jagapati lan Sayu Wiwit.
Wajiwa dudu mung peroyek seni. Iki babakan dina mburi masarakat Banyuwangi hang diarepaken tambah sejahtera liwat budayane. Merga pungkasane, iki dudu mung babakan panggung. Iki babakan upaya nguri-uri kelendi carane kene ngajeni warisan makene tetep lestari urip, dijaga, lan diterusaken ring generasi nom-noman.
Terima nyang kabeh pihak hang milu ubed ring pementasan iki.
Terima Belambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.