Wong Using lan Ancak

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 Juni 2026 06:41 WIB)
- Opini



Angger dina-dina pengetan agama Islam, aran ancak iki mesthi sing tau kelalen kanggone wong-wong hang urip ring kampung Banyuwangi, utamane wong Using. Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia Online: ancak/an·cak/ n 1. talam dibuat dari anyaman (bambu, daun, atau lidi nyiur) untuk tempat barang yang disajikan kepada roh (hantu dan sebagainya).
   Pengertian iku rada meleset kanggone wong Using, merga ancak hang digawe teka papahe gedang, aju ditekuk persagi (segi empat), utawa segi enem (trapisium), malah ana hang segitelu (segitiga). Tengah-tengahe diweni ruji (jeruji) nganggo jajang utawa bongkok hang disigar cilik-cilik. Biyasahe hang tukang nggawe ancak iku wong lanang, utawa lare-lare enom. Wong wadon hang ngisi uba rampene, kelebu uga nyeseti godhong-godhong hang dienggo lemek lan tutup nganggo semat.
   Jaman bengen, akeh-akehe umahe wong Using iku magih duwe mburitan hang ditanduri gedhang. Sak liyane dierah uwohe gedhang kanggo kolak, sumping lan gedhang goreng, uga papah lan godhonge mau kanggo nunjang kadhung ana selametan.    
    Serta jaman tambah maju, tanah mburitan wis akeh hang ilang, kadhung wayah selametan padha kanggo baki/talam/lengser. Iki mula lebih peraktis, kari bandha godhonge thok. Masalahe serta marek selametan ring masjid lan langgar, aju baki/lengser/ talam mau akeh kesiluran. Beda kadhung ancak, wis diiklasaken sonder ngarep balike.
   Saiki ambekane arang nemoni teradhisi ancak iki naming magih ana. Wong saiki selametan pilih nganggo wadhah pelastik. Kadhang malah tas keresek. Iki hang dadi masalah, merga romot pelastik iku sing bisa gancang ajur. Maning isun tau weruh nang wong repot, ngeteri berkat sega langsung dilebokaken keresek sing kathik dibungkus godhong. Bek iling utahane wong nunggah bis umum.
   Iki arep maleman ring masjid lan langgar kampung. Kadhung jaman cilikanisun bengen, bisa ngarep-arep ancak teka wong sugih ring kampung, merga biyasahe iwake akeh. Mulai daging ambi iwak pitik lan endhog.
   Aperoh kelendi penemunrika kabeh nang masalah ancak iki mau? Pengalaman rika lan mengarepe kudu kelendi? Iki ngomong dhasare budaya bain ya.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf