Aksi Toh Pati Arifin Ulih Hadhiyah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 10 Juni 2020 07:36 WIB)
- Laporan
Sapa hang gelem ngelangi nong Kawah Ijen tepak wayah gununge ngetokaken welek racun? Kadhung akeh-akehe wong, palinga mung bisa ngomong, upahana picis ya emong, kira-kira gedigu jawabe. Ya sapa wonge hang gelem golet pati, istilahe.
Taping kanggone Ahmad Arifin upah hing ana artine. Hing wedi racun, hing perdhuli banyu anget hang kadhar asame dhuwur, hang penting bisa njuwut mayite kancane. Ndeleng kancane hang kembang-kembang teka adohan nggarahi atine kemesud, aju ngothak kelambi lan celanane, ngelangi marani kancane hang wis nana umure kepeleset diantem ombak banyu kawah.
Kancane hang aran Andika, wong Muncar hang wis 20 taun manggon ring Jambu Licin, padha-padha megawe ring kantor pengolahan welirang. Arifin lan Andika iku ana ring kawah kono minangka petugas solfatara, hang mastekaken welirang hang ditambang ring pesisire kawah kono metu ajeg teka pipa wesi hang ditancepaken ring perengan pinggir kawah, kelawan salah sijine mbanyoni pipane. Kadhung sing dibanyoni welirange iki bisa nyandhet lan nganggu produksine welirang.
Dina Jemuah tanggal 29 Mei kira-kira jam 11.30an iku, dina apese Arifin lan Andika. Mara-mara ana bualan (hang kaya banyu gemulak teka ngingsor kawah) lan nggarahi ngombak, banyune sampek munggah ngantem pesisire kawah lan panggonane wong nambang welirang.
Mula dina apese merga, jare Suparjan Koordinatore Pos Pengamat Gunung Api Ijen (PPGA), masiya ana bualan arang sampek banyune munggah.
Kantore Suparjan PPGA iku instansi ring ngingsore Badan Geologi Kementerian Energi lan Sumber Daya Mineral.
Jare Suparjan mula saben wayah rendheng kawah Ijen ngetokaken bualan lan welek upas.
Bualan hang kecathet tau kedadeyan taun 2015, 2017, 2018, 2019, lan taun 2020 hang pungkasan.
Merga rasa kekancan lan kemenungsane hang gedhi Arifin diganjar hadhiyah arupa picis, sembako lan piagam teka ring polisi lan militer.
Penghargaan lan tali asih mau dielungaken Kapolresta Banyuwangi Kombes Arman Asmara Syarifudin lan Komandan Komando Distrik Militer 0825 Banyuwangi Letkol Yuli Eko Purwanto
Hang uga ulih hadhiyah yaiku Alimik, kancane hang gancang ngelaporaken nyang petugas dadi pitulungan gancang dianakaken.
Wong-wong iki pahlawan. Teka wong-wong iki, kene bisa belajar kanggo semangat setia kawan lan toleransi, gedigu jare Kapolresta Banyuwangi Kombes Arman.
Sawetara, Dandim Banyuwangi, Letkol Yuli Eko Purwanto, ngetokaken apresiasine nyang Arifin merga wani toh pati lan nyawa kanggo evakuasi mayite kancane.
Kawah Ijen kira-kira werane 910 x 600 meter mula rada nderawasi kadhung tepak musim udan. Sak liyane ana bualan, kadhang ya ngetokaken welek racun.
Merga endahe, Gunung Ijen (2386m) dadi jujugan wong ngelencer nomer siji ring Banyuwangi. Tapi ring mangsa gununge ngetokaken welek upas iki, mung diambahi wong-wong hang nambang welirang ring pinggir kawahe, merga kanggone wong biyasah marek bain hing ulih.
Foto: Ivan Ardiant
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








