Apresiasi Gendhing Nunggang Sepur (Bagiyan 3 pungkas))

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 Januari 2026 06:37 WIB)
- Opini



Apresiasi Gendhing Nunggang Sepur (pungkas)

Gambaran wong-wong Banyuwangi jaman sakmono hang megawe mati-matian, disebutaken nang paman ngelempuh mulih wayah subuh. Taping nong bait sak teruse, Pak Bashir mangkat ngengetaken nang wong-wong hang males, merga jaman semono buru uwal teka masalah politik, dadi magih akeh wong-wong ngobos ngalor ngidul ambi nyeritakaken kahanan negara hang wis kelebu dudu "wilayahe".
   Mangkane pemerintah Banyuwangi jaman semono sak liyane nyedhiyakaken pegaweyan, uga ngurubi tekade rakyate hang emeh kepaten. Iki ya dadi "problem nasional" jaman semono.
   Masiya kahanan hang diterima seru sarane, tapi jare Pak Bashir mau ya kudu terus ngurubi tekad.
   Sarapan sega bulgur hang wis adhem utawa nginep (sega wadhang) sing dadi paran lan arep nyuremaken tekad megawe.
   Nah, nong bait pungkasan, Pak Bashir mangkat ngilingaken potensi Banyuwangi sak benere. Kadhung patheng lan temen megawe (kelebu ya nandur pari lan ngatasi ama), wong Banyuwangi kudune sing sampek mangan bulgur. Merga ana beras aseli Banyuwangi (varietas lokal) arane Genjah Wangi/Arum. Kadhung itung-itungan asil, mula lebih akeh ulihe varietas unggul IR hang dikembangaken pemerintah Indonesia jaman semono.
   Pemerintah durung siyap, kadhung varietas anyar mau sing tahan nang ama, beda ambi Genjah Arum/Genjah Wangi hang umure dawa taping lebih tahan nang ama.
   Hang paling pungkasan, pengarang kepingin ngengetaken kadhung telatah Belambangan iku subur arep ditanduri paran bain bisa merujuk.
   Iki karepe kanggo nguripi tekade lare-lare enom, makene mongkog nang tanah kelairane lan gelem milu nyuburaken kanggo kemakmuran rakyate.
   Kadhung ditarik gambaran gedhene, gendhing Nunggang Sepur iki ngemu semangat nasionalisme kedhaerahan hang gedhi lan jeru.
   Ring jaman akeh ama hang ngantem parine rakyat sampek rakyate hing mangan lan kepaksa mangan beras bulgur, pengarang ngengetaken supaya uwong-uwong aja males-malesan. Kadhung males, hing nempur, anak-anake bisa ngomplong, hing mangan.
   Hang lebih penting maning kelendi nguripaken pari lokal Genjah Arum hang tahan ama timbang pari anyar.
   Kadhung using, wong Banyuwangi hang sawahe hektaran, bisa-bisane sampek mangan bulgur hang setemene pakanane jaran.
   Mayo, milu nggedhekaken paran hang dadi kekuwatane Banyuwangi hang sugih, hang nduwe sendhenan bahan pangan apik dienggo makani rakyate dhewek.

Hasan Sentot

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor