Arak-Arakan Kembang Endhog ring Tangerang Selatann
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Oktober 2025 07:59 WIB)
- Laporan

Kembang Endhog ring Tangerang Selatan
Ana arak-arakan kembang endhog diuwot montor kol buntung, ambi dikancani tabuhan kuntulan nggawa gendhing selawatan. Wis biyasah? Iya kadhung ring Banyuwangi mula wis biyasah, taping iki ring Tangerang Selatan kidul kulone Jakarta.
Dadi wong-wong Banyuwangi hang melebu ring Ikawangi Tangerang Selatan dina Sabtu (4/10/25) sore nduwe iwuh Muludan. Hing lali anjrahe Muludan Banyuwangian, ana kembang endhog hang ditancepaken ring uwite gedhang hang ditegor lan diarak sedawane dalan.
Aju kembang endhog hang akehe 500 ditekakaken langsung teka Banyuwangi iku diuwot ring mburi kol buntung hang uga nggawa rombongan panjak kuntulan Ikawangi Tangerang Selatan mangkat teka sekretariate ring BSD sampek nyang Cafe Alam Bistro ring Alam Sutra panggonan iwuhe digelar.
Grup Kuntulan hang arane Gondo Arum duwene Ikawangi Tangerang Selatan dhewek iku pisan hang ngiringi acara lan hiburan ring cafe iku.
Ring ceramahe hang digawakaken Ustad Sirojul Munir, diengetaken dhung muludan utawa Maulid nggawa semangat ngadohi sipat hasut lan hasad, ngedohaken sipat iri lan jenggi kanggo nerusaken lan njaga silaturahim.
Ustad hang tau sekolah lan ngaji ring Maroko iki nerusaken hasut itu paceke ngomong hang sing bener nyang wong liya makene wong dadi congkrah merga salah-salahan. Dene hasad iku iri lan nduwe sipat jenggi nang wong liya.
Sak liyane selawatan, tepak acara hiburan, grup Gondo Arum nggawakaken gendhing-gendhing Banyuwangi liyane.
Ikawangi Tangerang Selatan iki ngadeg tanggal 12 Juli 2020 lan anggotane saiki wis emeh 100an keluwarga hang manggon ring Bintaro, BSD, Ciputat, Cisauk, Pamulang sampek Pondokcabe, malah ana hang melebu pinggirane Bogor.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.