Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Oktober 2025 06:32 WIB)
- Opini



Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi
(Bagiyan 1)
Ditulis ring Arif Wibowo


Kadhung rika melaku-melaku ring desa-desa hang dipanggoni wong Using kayatah ring wilayah kecamatan Giri, Glagah, Licin, Kabat, Rogojampi, Singojuruh, sebagiyan Srono, Temuguruh, Sempu, paran bain hang rika rasakaken? Pasthine yara beda kadhung rika nekani desa ring Pesanggaran hang dipanggoni dulur-dulur hang asale teka Jawa Kulon. Utawa ngalor ring dhaerah Wongsorejo hang akeh dipanggoni dulur-dulur hang asale teka Medura.
   Hang katon mata bain, hang paling mbedakaken pasthine rika langsung nuju ambi modhel-modhel umahe, yara?
   Anane modhel-maceme umah ring saben desa pasthine nduweni pengaruh nuansa lan atmosfir hang rika rasakaken, hang nggarahi rika ngerasa pernah tah using.
   Utawa karakter kampunge, embuh iku kampungan hang rapet umah utawa kampungan hang umahe merenco-merenco (arang-arang).
   Mesthi bain iki mbedakaken antarane kampung hang dipanggoni etnis siji lan etnis liyane.
   Nah, mulane iku saben etnis masarakat iku mesthi nduwe identitas kebudayaan, salah sijine arsitektur. Pitakonanisun, kelendi sih tetengere (identitas) arsitektur masarakat Using iku?
   Umah iku salah sijine asil budaya arsitektur kang dadi perlambang sapa hang manggoni.
   Ngomongaken arsitektur ya hing luput teka umah taping sing mung umah tunggal naming umah lan lingkungan sak ubenge, kampunge lan malah kuthane. Sipate wong Using hang kaya wis kerep diomongaken ambi para peneliti lan salah sijine kang bisa dadi acuan yaiku penemune peneliti Landa yaiku Stoppelar (1927). Nurut iyane, kanggo ngenali wong Using ciri-cirine gedigi: 1. Pemukimane utawa kampunge katon rapet lan kompak ring antarane 'wong kulon' lan umahe parek-parekan. 2. Endogami, wong Using milih jodho ambi wong-wong hang sing adoh lan mambu dulur, dadine jelas asal-usul pasedulurane masiya iku katon tumpang tindhih 3. Ring desa-desa Using, emeh saben wong nduwe tanah masiya werane mung cukup dienggo sak umah lan sing ana adat teradhisi hang mbedakaken antarane wong hang akeh donyane lan wong kurang mampu.
   Ana benere paran hang diuntabaken Stoppelar, seperene magih akeh ditemoni ring desa-desa Using ring Banyuwangi hang kaya paran hang ditulis iyane.
   Penemune Stoppelar bisa dienggo nggoleti pola pemukimane wong Using hang kecathet jaman wingek lan kelendi tah kirane arsitektur has Using iku hang sing mung wujud bain naming uga ana pesene kanggo wong umah-umah? Kelendi tatanan kampung desa-desa Using iku?

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor