Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 8)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 November 2025 08:27 WIB)
- Opini
Umah lan tatanan Kampung Using
ditulis ring Arif Wibowo
Kadhung miturut Stoppelaar ring penemune hang kawitan, jare Wong Using iku umahe parek-parekan antarane umah siji lan umah liyane. Iki ana benere, acake ematena dhewek desa-desa Using ring Banyuwangi.
Saben desa duwe karakter tatanan spasial hang rapet antarane umah siji lan umah liyane. Ana umah hang ning pinggire lurung, lan ning mburine maning magih ana umah hang akeh lan rapet. Umah hang ning njero kumpulan umah hang rapet mau kudu ngeliwati seluwangan-seluwangan hang sempit. Ibarat labirin hang dalane peligukan sing karuwan.
Taping aja dikira kaya kampung ring kutha-kutha. Kerana iki ring desa, masiya umahe rapet magih katon teratur, umahe seragam nganggo umah tikel, material kang dienggo ya magih nganggo kayu lan gedheg jajang, dadi magih tetep adhem lan katon asri.
Sak desa kebagi pirang-pirangane dhukuh, ana hang parek-parekan jarake antarane dhukuh, uga ana hang lumayan adoh. Artine sak desa ana hang kompak padhet kaya contone ring desa Lulian (Olehsari), Kemiren, Kenjo, Jelun. Karakter desa padhet umahe, taping desane diubengi sawah hang wera lan subur.
Seliyane iku ana maning karakter desa Using hang kebagi dhukuh-dhukuh hang kesebar. Saben dhukuh umahe padhet, taping antarane dhukuh siji lan dhukuh liyane dipisahaken sawah-sawah hang wera. Dadi sak desa kebagi akeh dhukuh lan kudu ngeliwati sawah-sawah kadhung nuju ring dhukuh siji nang dhukuh liyane.
Karakter iki bisa ditemoni salah sijine ana ring desa Macan Putih lan desa Aliyan. Modhel desa kampung Using hang wujud pemukimane munjer lan dikelilingi lahan pertanian iki kegolong Farm Village (Landis, 1984).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-73405.jpg)