Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 9)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 November 2025 07:31 WIB)
- Opini
Arsitektur Masarakat Using (Bagiyan 9)
Ditulis ring Arif Wibowo
Miturut para ahli, salah sijine Danby, akeh paktor hang namtokaken merujuke lingkungan pemukiman, salah sijine paktor budaya masarakate.
Kelendi hubungane antarane wong siji ambi liyane, antarane keluwarga siji lan keluwarga liyane lan lingkungan sak ubenge.
Sak piturute kelendi panggonan mau iku ditata lan dirancang nurut ambi cara mikire (pandangan hidup).
Sakliyane iku jare Rapoport (1977) ahli arsitektur perilaku lan lingkungan, wong sak kelompok itubisa dadi merga kumpulan uwong kang duwe sipat kang padha lan paran bain kang padha, sepiturute kumpulan wong-wong iku mau milih panggonan lan lingkungan hang cocog ambi liyane.
Kaya hang wis tau diomongaken sedurunge ring bab Wong Using Maknani Umah, kadhung wong Using iku mentingaken seru ambi panggonan kanggo urip yaiku umah.
Wong tuwek hang duwe anak lanang kudu nggawani lemah lan umah panggonan kanggo anake.
Duweya anak telu umahe ya dijejer teka tengen ngiwa urut teka hang tuwek sampek
hang enom.
Wong tuwek milih ngalah manggon ring mburi milu salah siji anake.
Cara iki diwarisaken turun temurun teka generasi nyang genetasi sak teruse.
Anane cara gedigu masiya kampunge rapet ketana keruyekan urip parek-parekan, kerapetane kampung magih tetep merga umah kang wis ana diterusaken dienggo umah generasi seteruse. Iki hang disebut "lahan berkesinambungan" jare ruwahe Pak Galih Pangarsa, peneliti atsitektur nusantara lan dosen arsitektur Universitas Brawijaya.
Lahan berkesinambungan paran maksude? yaiku lahan hang dienggo warisan anak putu makene uripe aja keleleran.
Iki salah sijine kearipan wong Using, mikir saiki dienggo dina mburi. Sing kaya wong modheren saiki hang gampang ngentekaken paran-paran sing mikir anak putu mbisukane.
Sakliyane iku ana maning tesis utawa penemu dhewek hang sipate magih tinjauan awal ngenani apuwa kampunge wong Using rapet, dhemen urip keruyekan, uwel-uwelan jak akehan.
Latar buri lan pengalaman sejarah kang pait dadi penyebabe.
Belambangan hang ditindhes entek-entekan ambi penjajah VOC sakat perang Bayu taun 1771-1773 nggarahi rakyat iki semembur urip keleleran.
Pungkasane masarakat nggawe kanthong-kanthong permukiman sak marine perang Bayu.
Kampung hang rapet bisa dadi seterategi pertahanan kanggo ngelawan musuh.
Kaya dene hang wis dijelentrehaken nang ndhuwur, ana cerita kadhung bengen jare umahe wong Using iku madhep memburi ngungkuri lurung.
Pawon dipanggonaken ring ngarep kanggo ngapusi musuh lan bale dipanggonaken ring mburitan makene aja ana wong weruh paran hang sedinane dilakoni, umpamane ngerembug seterategi perang ngelawan Landa.
Taping saiki wis sing ana tatanan umah hang ngungkuri lurung, sakat jaman merdheka umah Using hang maune katon ketutup uwah dadi masarakat hang nerima perubahan lan terbuka tanpa ngilangi identitas arsitektur umahe.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.