Atlet Voli Papua Pernah Latihan ring Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Juli 2020 06:34 WIB)
- Laporan



Atlet Voli Papua Girang Latihan ring Banyuwangi

Atlet voli putri Papua hang disiyapaken kanggo Pekan Olahraga Nasional pernah manggon lan latihan ring Banyuwangi.
"Atlet-atlet wadon iku girang bisa latihan nong kene, uwonge geromyoh, panganan murah lan bisa latihan nyang gunung lan laut saben minggu," gedigu abane Ayub Hidayat Wakil Ketua II bidang Pembinaan Prestasi Persatuan Bola Voli Seluruh Indonesia (PBVSI) Banyuwangi nyang belambangan.com.
Setemene atlet-atlet iku latihan nong Banyuwangi mung telung ulan sakat Maret 2020, lan ulan Juni kudune wis mbalik nyang dhaerahe. Taping merga pageblug, programe dadi rada lebih suwi.
Ana wolung atlet hang ana ring Banyuwangi. Setemene atlet iku akehe 12, malah kadhung durung seleksi mesthine sampek 20. Taping iki buru rombongan hang kepisan nggadug, hang liyane ketanggor aturan covid wurung teka merene, jare Ayub.
Sedurunge, atlet-atlet iku latihan ring Mabes AL Jakarta, marek petang ulan aju kongkon pindhah nang Jawa Timur. Wis diduduhi telung panggonan yaiku Lamongan, Surabaya lan Banyuwangi.
"Embuh paran pertimbangane, Ketua PBVSI Papua Kapolda Papua, Paulus Waterpauw, milih Banyuwangi," jare Ayub.
Wolung atlet iku dikancani siji pelatih teka Papua lan pembantu umum telu. Pelatihe setemene papat. Liyane hang siji teka Papua, ana siji maning pecake pelatih nasional lan loro pecake pemain nasional hang asale kabeh teka Banyuwangi. Sakwetara iku atlet voli lanange latihan ana ring Bandung.
Banyuwangi dianggep panggonan hang cocog kanggone atlet-atlet iku merga 1. Panggonan penginepane parek GOR 2. Fitness centere ana ring Penginepan 3. Biyaya mangan lan liyane murah, 4. Bisa latihan fisik Senin-Jemuah kelawan melaku sikil lan bisa latihan fisik nong gunung lan pesisir seminggu pindho.
"Lalare iku bisa latihan lan refreshing seminggu pindho ring Pantai Cemara, Boom, Pulau Santen," jare Ayub.
Hang paling nggawe mongkog nong Ayub, omongane lalare iku bab apuwa iyane kabeh padha pernah ring Banyuwangi.
"Uwong-uwonge padha geromyoh," jare Ayub nerokaken omongan atlet Papua iku. Malah merga wis akeh hang kenal, saiki saben Sabtu mesthi ana bain hang ngajak kampah lan mangan-mangan ring umahe.
"Masiya tah wis hing bisa melaku-melaku kaya ring plaza-plaza nong Jakarta taping iyane kabeh girang bisa wisata nang pesisir hang ana ring Banyuwangi."
Lan hang nggarai iyane kabeh dhemen, biyaya paran bain nong kene murah, jare Ayub.



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor