Atraksi Anyar Banyuwangi: Kapal Pesiar Mewah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 September 2020 06:24 WIB)
- Laporan
Sakjege Banyuwangi tambah kawentar dadi jujugan kelenceran sak donya, tambah akeh atraksi lan amenitas hang ana. Hang pungkasan sakat Agustus sore, buru dikenalaken madhang ana ring ndhuwur kapal pesiar.
"Masarakat Banyuwangi saiki bisa ngerasakaken mangan tepak bedhug utawa dalu kelawan kahanan hang mewah lan beda nong ndhuwure kapal. Kayane iki hang kawitan lan siji-sijine ring kutha Banyuwangi," jare Jacopo Sertoli lan Rosa Ashari hang nduwe kapal iku nyang belambangan.com, nganggo basa Indonesia.
Wong hang arep milu bisa milih Paket mangan tepak bedhug dikawiti jam 11 sampek jam 5 soren utawa mangan tepak dalu teka jam 4 soren sampek jam 10 dalu.
Ring kapal Pesiar Magia II, paket sak kapal iku kanggo wolung penumpang regane Rp. 15 juta. Paket rega semono iku wis kelebu ulih welcome drink, snack kopi lan teh, paket mangan bedhug utawa dalu.
"Paket iki bisa ana kapan bain pokoke pesen sulung."
Kadhung penumpang arep nginep nong kapal bisa bain merga kapal Magia II iki uga bisa dicarter lan nduwe petang kamar mewah ring njero kapal. Sedina sewengi regane Rp. 40 juta kanggo 8-10 uwong.
Nong endi bain rutene? Kadhung hang mangkat teka Marina Boom Banyuwangi, rutene magih sewates nong Pulau Tabuhan lan Pulau Menjangan. Pulau Tabuhan duwene Banyuwangi hang ana ring wetane Bangsring lan Pulau Menjangan ana ring Taman Nasional Bali Barat mula nduwe penyawangan njero segara hang apik seru. Banyune kening, maceme iwak lan karange akeh, mula dadi panggonan uwong hang dhemen nyelem ndeleng karang lan iwak.
"Kadhung ana hang njaluk dienggo rapat, bisa uga ngelayani kanggo uwong sampek 20," jare Sertoli.
Kapal hang dilakokaken ambi wolung kru lan cruise director siji iki dikelola ring PT Magic Indonesia Experiences, minangka perusahaan patungan, yaiku kapale duwene perusahaan negara manca Itali lan perusahaan lokale teka Banyuwangi.
Kekarepane, perusahaan iki bisa masaraken Banyuwangi minangka jujugan wisata ring kalangan internasional umume. Liyane kapal, perusahaan iki uga nduwe bisnis properti ring Bali.
"Karepe kene iki nggawa turis teka Bali kanggo mbeliyaki destinasi hang ana ring Banyuwangi merga Bali lan Banyuwangi hing patiya adoh. Merga iku kene mindhah Magia II nang Banyuwangi. Taping merga magih mangsa pageblug iki kene ngarepaken wong Banyuwangi dhewek hang kepingin nyacak nunggang kapal Magia II iki," jare Sertoli. Kapal iki setemene bisa digawa nong endi-endi sampek nong Raja Ampat Papua.
Modhal hang digelontor kanggo mbukak wisata kapal pesiar iki sampek 15 milyar, taping iyane hing semaur tepak ditakoni kapan kirane arep mbalik modhale.
Kadhung rumus kelendi pariwisata makene sukses teka lare Panderejo kang Arief Yahya tepak iyane dadi menteri pariwisata kapanane, ana 3 A, yaiku Atraksi, Amenitas lan Aksesibilitas. Atraksi paran hang dadi daya tarik panggon jujugan (destinasi), Amenitas fasilitas hang ndhukung lan Aksesibilitas, gampang jujugane.
Telu-telune ana ring kapal pesiar iki. Muga-muga bain jasa kapal pesiar iki bisa nambahi akehe wong kelenceran ring Banyuwangi.
Kang Arief Yahya iki setemene wong hang nggawe Marina Boom tambah rumang kaya saiki lan wis bisa disandhari kapal pesiar. Merga iyane, picis kang sakmesthine dienggo mbangun Marina ring Benoa Bali hang digeningaken wis rong taunan hing dikapak-kapak, bisa dipindhah dienggo mbangun marina ring Boom Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor








