Bantuan APD teka Emak-Emak IdeeCare
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 April 2020 06:39 WIB)
- Laporan
Kelendi carane milu ngerasakaken perjuwangane tepak ana berita gok petugas kesehatan hing nemu alat pelindung diri (apd) bangete ngadhepi pageblug corona Covid-19, kamangka para dokter lan perawat iku saben dina semplokan ambi pasien?
Ana wong-wong hang mung bisa ngelus dhadha, ana hang nyumbang picis nong lembaga hang nganakaken apd, ana pisan wong-wong hang hing serantan, nekakaken dhewek apd teka negara manca lan mbagi nong rumah sakit-rumah sakit hang mbutuhaken.
Tuladhane kaya wong wadon papat sak kancaan hang nggawe aran IdeeCare. Salah sijine Elise Sumono, anake sesepuh Ikawangi asal Alasmalang, kecamatan Singojuruh, Banyuwangi hang ana ring Jakarta, Sumono Abdul Hamid.
"Iki mung sakderma emak-emak sak kanca-raketan hang nduweni kerenteg hang padha, ndeleng kahanan hang ana saiki. Hing tega, ati kerasa-rasa ndeleng para dokter lan tenaga kesehatan padha gemelundhung malah dadi korban ngadhepi virus corona iki," gedigu ceritane Elise.
"Akeh dokter lan perawat hang dadi korban merga rumah sakite hing duwe apd hang cukup. Ya iki hang nggarai nggawe perihatin lare papat sak kancaan iki."
IdeeCare dhewek setemene singkatan teka hurup kawitan arane wong papat iki. I teka Ida Bagus, D teka Dinni Rullino, E teka Endah Watiningsih lan E pungkasan teka Elise dhewek. Care teka basa Inggris hang artine perduli.
Elise ngaku gok setemene wong papat iki mung ibu-ibu rumahtangga tapi hing bisa meneng bain ndeleng kahanan iki.
Kelawan tuku dhewek apd teka luar negeri, IdeeCare wis ngelungaken 2500 apd nyang pirangane rumah sakit ring dhaerah kayata RSUD ring Banten, Jakarta, Bangka, Semarang lan Banyuwangi.
Hing kathik kesuwen nganteni wong liya melaku, jak papat iki ngelumpukaken pIcis dhewek, tuku apd dhewek malah nyang jasa kurir dhewek sak perlu ngirim apd kanggo RSUD hang diweruhi mbutuhaken.
Setemene ana 2500 apd maning hang ditekakaken IdeeCare, naming buru gadug ring Indonesia, cumpu ditempil ambi donatur liya hang aju disaluraken dhewek.
Minangka bapak hang girang ndeleng paran hang dilakoni anake, pak Sumono milu pisan ngateraken bungkusan apd nyang kurir.
Pageblug Covid-19 iki sakat dilaporaken ana kasuse, wis ngantem atusan wong lan lebih 100 wong hang wis mati merga teka larane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








