Banyu Munggah Mendhuwur Kanggo Rakyat Papring Kalipuro
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 September 2020 06:46 WIB)
- Laporan
Kelendi girange warga Papring Kalipuro bisa nduwe bak hang banyune metu teka banyu sumber. Paran maning banyune munggah mendhuwur melebu kampung hing nganggo energi listrik. Seperene, wong-wong desa Papring njuwut banyu teka rembesan saluran irigasi aju dikelumpukaken lan dikelocoraken ring pipa.
"Setemene hang saiki ana iku banyu kothor," jare Widie Nurmahmudy, hang megiyet nguripi taman baca Kampoeng Batara kanggo lalare Papring. Wong-wong ring wilayah kono cacahe ana 3.467 utawa 1.266 kepala keluarga ring kampung Wangkal, Serut, Papring Tengah, Papring Utara, Sawahan, Sumber Potat, Sumber Dilem lan Sumber Nanas. Hang seru ngenese hang urip ana ring kampung Papring Tengah lan Utara merga banyune kadhang ana kadhang using.
Kahanan iku hang ngusik atine mahasiswa Politeknik Negeri Banyuwangi (Poliwangi) nggawe inovasi kelawan ngunggahaken banyu sumber Penjalin nyang desa Papring hing nganggo listrik. Sumber Penjalin ana ring tepis wiring desa Papring lan wilayah KPH Banyuwangi Utara.
"Masiya tah wis saiki magih cilik munggahe banyune. Kanggo ngisi tandhon hang ukuran 550 liter bain magih butuh wektu sangang jam. Magih kesuwen seru, mangkane kanca-kanca magih mikir kelendi carane makene pelayune banyu bisa lebih santer," jare Muhammad Muhsin hang mimpin 11 mahasiswa Himpunan Mahasiswa Teknik Mesin nangani proyek iku.
Pipa hang dienggo melebune banyu teka sumber aju disambung nyang kumpa dawane 50 meter aju pipa sakwise kumpa ana 100 meter munggah.Teka pucuke selang kene digawekaken tandhon lan bak permanen. "Digawe rada apik makene kuwat lan kumpane awet," gedigu jare Muhsin.
Biyayane entek kira-kira wolung juta hang dijuwutaken teka Program Hibah Desa Binaan Kementrian Pendidikan.
Para mahasiswa iku wis ngawiti proyeke sakat ulan Juni 2020 lan sore iku wis masang pipa utama melebu nyang tandhon.
Jare Muhsin setemene teknologine dudu teknologi anyar merga cara iki wis akeh diterapaken nong panggonan hang sara banyu utawa panggonan hang adoh teka ring sumbere banyu.
Merga girange ana banyu bisa munggah nong wilayah kampung kono, masarakate sakkal nganakaken selametan bareng ambi mahasiswa hang nggawe saluran banyune.
Masiya parek kutha, wong Papring kaya hing pati direken pemerintah. Taun sore kanggo ngaspal dalan melebu kampunge, wong-wong iki ya urunan dhewek ngersaya mbangun dalan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








