Banyuwangi Arep Didadekaken Kota Perikanan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 April 2026 07:12 WIB)
- Laporan
Kelawan duwe pesisir hang dawane 175km, hing maido kadhung Banyuwangi arep didadekaken kota perikanan.
Jare Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Mayjen (purn) Rusdi Maksum, "Muga-muga Isun hing salah perungon, teka (menteri Pariwisata dhongkol) Pak Arif Yahya gok Banyuwangi arep didadekaken kota perikanan." Dadi mengarepe arep ana proyek-proyek perikanan.
Banyuwangi wis sakat bengen kesuwur minangka dhaerah hang ngasilaken iwak. Bengen Muncar kasebut minangka dhaerah hang ngasilaken iwak nomer 2 sak Indonesia. Hang nomer 1 Bagan Siapi-api ring Sumatera Utara.
Malah ana cerita apik teka Pak Rusdi. Jamane iyane magih cilik bengen ring Kauman mburine masjid Baiturrahman, marek emake ndeleng mendhuwur ring langit lan niteni tandha alam arupa mega hang nduwe ciri husus, aju ngongkon iyane njuwut iwak. Njuwut nyang endi? "Nang pesisir, aja akeh-akeh sak keranjang bain."
"Temenan iwak kari njuwuti nang pesisir kono," ceritane Pak Rusdi. "Engkene kudu milu promosi mangan iwak Banyuwangi."
Pak Rusdi pidhato ring iwuh Halal Bihalal Ikawangi Pusat hang digelar ring resto Alam Ceria, Klari, Karawang.
Iwuhe ditekani Bupati Ipuk Fiestiandani lan lakine bupati dhongkol Abdullah Azwar Anas, para pejabat kayata Pak Marhen Yono Asdep Pengembangan Amenitas dan Aksesibilitas Pariwisata Wilayah II Kementrian Pariwisata dan Ekraf, para sesepuh kayata Pak Sutarjianto, Pak Nur Hafandi, Pak Sugihadi, lan uga para korwil ring Jabodetabek, Cisera (Cilegon, Serang) lan Kapursuci (Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek), uga teka Ikawangi Bandung lan Ikawangi Sumatera.
Sore iku HBH dianakaken ring Karawang merga sedurunge wis tau dianakaken ring Bogor, Tangerang, uga Bekasi. Digilir, jare Pak Rusdi.
Ring HBH iku uga ana gebyar seni budaya Banyuwangi, masiya mung sithik hang ditampilaken, "Kadhung kepingin hang akeh, muliha nang Banyuwangi. Nang kene mau gandrunge mung papat nang kana ana 1000," jare Pak Rusdi.
"Jare Pak Arif, kadhung Banyuwangi apik, kene ya milu mongkog."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.