Banyuwangi Duwe Potensi Gedhe ring Industri Sinema
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 November 2025 06:53 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Duwe Potensi Gedhe ring Industri Sinema
Kabupaten Banyuwangi hang sugih alam, budaya lan adate, nduwe potensi gedhe diperujukaken dadi pusat industri sinema.
Salah siji ukuran minangka kutha utawa dhaerah iku dianggep nduweni potensi kanggone dijumbulaken ring karya sinematografi diduweni Banyuwangi.
Bab iki disampekaken ring Ketua Subkomisi Penyensoran Lembaga Sensor Film (LSF) Hadi Armoto ring acara "Literasi Layanan Penyensoran Film dan Iklan Film di Banyuwangi", dina Rebo tanggal 19 Nopember 2025 ring Hotel Aston.
“Banyuwangi nduweni cerita legenda hang kesuwur seru, alam hang endah uga budaya hang maneka lan kuwat. Dadi aja ditakonaken maning, kabeh wis kawentar sak donya,” jare Hadi Artomo.
Kabeh biji positip Banyuwangi iku bisa dadi bahan utawane materi ring donya sinematografi.
Malah, ukurane hing mung kanggo pilem komersil, potensi Banyuwangi uga bisa digarap kanggone pilem cendhek, pilem dokumenter lan sepiturute.
“Potensine mula gedhi seru, pilem dokumenter hang Sun gawe uga nyeritakaken bab Banyuwangi,” ujare.
Mangka iku iyane nyurung supaya pilem-pilem hang nganggo latar Banyuwangi bisa digarap kelawan maksimal.
Acara LSF iki dipiloni lebih teka 50 wong kelebu mahasiswa, pelajar lan komunitas pilem hang nyampekaken pitakonan bab
aturan sensor, lakune LSF lan cara ngajokaken sensor liwat sistem elektronik e-SiAS.
Seliyane milu bimtek, peserta uga diajari nggawe akun e-SiAS, layanan digital kanggo pelaku pilem ngurus proses sensor kelawan cara online, bisa teka endi bain.
LSF iki tugase ngetokaken surat lolos sensor kelawan neliti lan mbiji kabeh materi pilem hang arep tayang ring biskop lan tipi. Seperene sensor dilakoni kelawan cara offline, naming nganggo e-SiAS, layanane bisa dadi online.
Hadi Artomo ngomong LSF durung tau ngambah Banyuwangi sedurunge kanggo panggonan sosialisasi LSF.
“Nggaweya cerita lokal hang apik lan ndhemenaken, hususe promosi dhaerah Banyuwangi, aju dhaptaraken nang LSF kanggo ulih surat lulus sensor supaya bisa ditayangaken."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Taufiq Shaleh
Editor: Hani Z. Noor