Banyuwangi Nyiapaken 48 Masjid Ramah Pemudik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Maret 2026 06:33 WIB)
- Laporan
Pemerintah Kabupaten Banyuwangi bareng ambi Kantor Kementerian Agama (Kemenag) lan Dewan Masjid Indonesia (DMI) Banyuwangi disokong Baznas Banyuwangi nyiyapaken 48 masjid kanggo wong hang tepak mulih kampung (istilahe Masjid Ramah Pemudik).
Masjid-masjid iki dipilih hang manggon ana ring pinggir dalan nasional lan propinsi uga ring pirangane dalan hang temuju nyang panggonan kelenceran kanggo wong-wong hang mulih kampung tepak Lebaran Idul Fitri 1447 Hijriyah.
"Masjid yara mula panggonan punjere peradaban kaya hang wis dituladhani ring Rasulullah SAW, masjid hing mung sukur dienggo ibadah rutin naming uga ngewani manpaat kayata dadi panggonan ngaji lan diskusi bab macem-macem ilmune wong urip," jare Bupati Ipuk Fiestiandani hang dikancani Ketua Baznas Drs. Dwi Yanto, M. Pd.
"Kelawan anane masjid ramah pemudik, Isun ngarepaken wong hang mulih kampung bisa ngerasa pernah lan aman saksuwine ana ring dalan," jare Bupati Ipuk Fiestiandani bangete ngumbulaken program iku ring Masjid Al Huda, Kelurahan Bulusan, kec. Kalipuro.
Masjid- masjid iku dibukak 24 jam sedinane, nyedhiani pasilitas kayata cedhing rijig, panggonan parkir, layanan kesehatan, bukaan, ombenan kopi, teh lan gerimikan sampek pijet gratis.
Hang ngupayaaken layanan pijet yaiku Yayasan Aura Lentera hang mula wis dadi kumpulane wong wuta lan difabel liyane.
Jare Kepala Kemenag Banyuwangi Drs. H Chaeroni Hidayat, MM Banyuwangi minangka salah siji kabupaten hang paling akeh nyiapaken Masjid Ramah Pemudik iki.
(Yeti Chotimah/Aguk/JN-SC)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.