Banyuwangi Ulih Kiriman Maling, Dudu Kabar Gubab
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 29 April 2020 06:18 WIB)
- Laporan
Pageblug Corona iki nggawe susah rakyat Banyuwangi. Menyang-menyang kadhung sing perlu temenan sing ulih, hotel lan restoran tutup, pegaweyan angel, pengangguran tambah akeh. Tambah maning kriminalitas meningkat drastis.
Bengen magih durung ana kedadeyan virus corona, kampung-kampung ring Banyuwangi iki aman. Sing ana kabar-kabar wong kemalingan. Sakat kabeh-kabeh kutha nerapaken Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) kanggo ngendhekaken penyebaran virus corona, kabar kemalingan ring kutha lan desa ring Banyuwangi emeh saban dina ana bain.
Kawitane kabar teka SDN 4 Penganjuran hang dibobol maling ring tanggal 23 April 2020. Telung dina sakteruse iku ana berita teka Status Whatsap (WA) hang disambung renteng-renteng nyang liyan-liyane hang ngabaraken dhung ana prahoto hang nyebar maling wayah bengi ring dhaerah Dusun Cangakan Desa Genteng Wetan Kecamatan Genteng lan Desa Yosomulya Kecamatan Gambiran teka daerah Jember. Kabar iki aju dinyatakaken dadi berita gubab alias hoaks. Nyatane kabar hang dianggep berita hoaks iku aju dibantah ambi berita JTV Banyuwangi dhung iku nyatane berita bener.
Sing suwe teka kabar berita hang dianggep hoaks iku nyatane ring daerah Banyuwangi ana petang kabar maling hang arep nyolong ring desa lan kampung-kampung. Desa Yosomulya Kecamatan Gambiran ana maling hang wis diuber-uber ambi wong-wong kampung. Maling kepelayon nyang kebonan aju sing kecandhak, gediku berita JTV Banyuwangi nerusaken kabare.
Maling hang arep nyongkel jendela umahe Sriatun Dusun Krajan desa Yosomulyo Kecamatan Gambiran iku kepaksa keplayon merga hang duwe umah tangi wayah arep sahur. Rungu jendhelane dicongkel iyane melung-melung aju njaluk tulung. Tanggan-tanggane padha mara, maling aju diuber. Sakat kedadean ring Yosomulyo Gambiran iki wong kampung-kampung ring wilayah Banyuwangi padha jaga-jagaan kampunge kadhung wis mangkat dalu.
Iki buru bain kabar uga rame ring berita Whatsapp (WA), dhung ring dhaerah Jajag lan dhaerah-dhaerah Banyuwangi ramen-ramen padha nguber maling. Sanusi salah sijine penjaga sekolah SMP terkenal ring kutha Banyuwangi nyatakaken dhung kabar akeh maling saiki iki bener. Mula iku iyane ningkataken maning kewaspadaan njaga sekolahane.
Nurut Sanusi maning, pulisi saiki uga wis nambahi patroline, malahan buru bain kedadeyan ring SDN 4 Penganjuran Banyuwangi kemalingan ana lare nom-noman hang pethongkrongan ring ngarepe Vionata aju ditangkep. Lare nom-noman iki mau ketemon omben-ombenan miras, ambi lungguh-lungguhan ana ring pinggir dalan gedhe.
Teka kedaeyan iku Masyarakat Banyuwangi uga magih ngarepaken maning patroli pulisi iki ditingkataken maning ring dina-dina iki. Makene masyarakat ring wilayah Banyuwangi iki bisa ngerasakaken tambah aman, paran maning ring mangsa-mangsa pageblug Corona iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf







