Banyuwangi Wis Wayahe Duwe Kampus Seni Dhewek
ALIF MAULANA (dipublikasikan pada Senin, 10 Februari 2025 08:18 WIB)
- Laporan
Manggon ring Warung Seblang Singojuruh, dina Sabtu (8/2) dianakakaen Sarasehan Budaya hang judhule "Dari Bunyi ke Ide Membaca Tohan Maestro Angklung Banyuwangi". Hang duwe gawe acarane yaiku Komunitas Jiwa Etnik Belambangan hang dipandhegani Kang Adlin Mustika. Acara iki nekakaken telung narasumber lan siji moderator hang mula pakar-pakar ring kesenian utamane Banyuwangi.
Hang kawitan nyampekaken materi yaiku Dr. Aris Setiawan, M.Sn salah sijine dhosen ring ISI Surakarta kanggone Pascasarjana asli teka Mojokerto. Iyane tau ketemu ring Bu Ipuk (Bupati Banyuwangi) nyampekaken penemu hang dadi kerentege yaiku sekolahe lalare seni hang ring ISI Surakarta. Gesahe iku mau kepingine Dr. Aris ngedegaken Kampus Seni ring Banyuwangi makene lalare hang manggon ring Banyuwangi cukup nguri-uri kesenian ring Banyuwangi bain, merga Banyuwangi iki wis kebek materi hang kudu disinauni kanggone lalare saiki lan sing perlu metu teka Banyuwangi. "Anak-anak lulus SMA jangan hanya sekedar menjadi panjak, jadilah seorang peneliti" Wewarahe teka Dosen Pascasarjana ring acara sarasehan.
"Mula kadhung ana kampus seni ring Banyuwangi, Isun ndhukung program Rika Mas Aris", jare Ikwan (Cak Wan) hang uga dadi narasumber ring acara iki. Cak Wan wis kesuwur dadi salah sijine pelaku seni hang nguri-uri keseniyan Banyuwangi teka sekolah-sekolah sampek ring komunitas hang dilatih.
Narasumber hang ketelu yaiku Joko Susilo, M. Sn. Dosen teka STKW hang uga milu andhil nguri-uri keseniyan Banyuwangi ring Kampus Surabaya iku masiya iyane dhewek dhosen ring materi Jawaan. "Saya juga mendukung adanya kampus seni di Banyuwangi, karena potensi yang dimiliki Banyuwangi sangat banyak," jare Kang Joko Dosen STKW.
Jare Kang Hasan Basri Ketua Dewan Kesenian Blambangan nanggepi paran hang dikarepaken narasumber yaiku masalah kampus seni ring Banyuwangi. "Kabeh magih dikaji uga sampek wis arep digawe kurikulum hang bisa dienggo pembelajaran seni ring sekolah-sekolah hususe makene keseniyan bisa berkembang".
Kang Hasan uga wis suwi ana kiprah kanggo ngelestarekaken keseniyan Banyuwangi uga salah sijine ndukung ngadege kampus seni ring Banyuwangi makene lalare hang manggon ring Banyuwangi sing bingung kadhung arep sekolah lanjutan ring kampus seni.
"Lebih banyaknya kampus seni, maka semakin tumbuh ruang literasi dan kebersamaan," Jare Dr. Aris nanggepi gesahe kang Hasan. Maksude makene nambahi wawasan, uga nambah pengalaman persaingan ring akehe kampus-kampus hang ana ring wilayah Banyuwangi hususe.
"Memang di Banyuwangi sudah saatnya ada kampus seni untuk berkembangnya kesenian di Banyuwangi khususnya," jare Moh. Maskur hang dadi Moderator ring acara sarasehan iki. Maskur salah sijine Dosen ring STKW aseli teka Aliyan Rogojampi hang milu nguri-uri kesenian ring kampus seni hang manggon ring Surabaya.
Ring sarasehan iki, ditekani para panjak teka pirangane komunitas lan sanggar, seniman, budayawan, hang milu nyengkuwung keseniyan Banyuwangi. Uga ana peneliti utawa dhosen hang teka ring acara iki kanggone milu nguri-uri kesenian kususe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Jurnalis
Editor: Antariksawan Jusuf







