Barang Antik Gemelar Ring Kantor Kecamatan Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 11 Agustus 2020 08:54 WIB)
- Laporan
Sakat tanggal 7 Agustus Kepungkur sampek tanggal 17 Agustus 2020. kantor Kecamatan Kota Banyuwangi, diebeki barang-barang antik mulai teka perabotan, tehel lawas, keris, meriem lan liya-liyane. Barang-barang hang wis umur iku mau, ana hang gawenan Indonesia jaman bengen, gawenan Cina lan Eropa. Kabeh barang antik duwene 20 anggota Komunitas Antik Belambangan iku mau, kabeh ditawakaken kanggo dituku para pengunjung. Regane mulai puluhan ewu sampek puluhan juta, deleng wujud antike lan umure barang mau.
"Iki sakjane kegiyatan kanggo sosialisasi usum pageblug, merga akeh hang ngajokaken idin arep ana kegiyatan ring kampung-kampung. Timbang marahi nganggo omong siji-sijine uwong, bangur diweni tuladha kegiyatan hang bener ring usum pageblug covid-19 iku kelendi? Nah, Belambangan Antik Expo 2020 iki keneng dienggo tuladha. Mulai nyawisi piranti kaya panggon wesuh, alat kanggo ngukur suhune awak, uga panggonan lungguh hang arang-arang jarake", ujare Camat Banyuwangi, Moch Lutfi hang uga dadi pembinane Pemuda Etalase Banyuwangi.
Lutfi, sak suwene rong minggu, ngelilakaken kantore dienggo panggon pameran barang antik. Kegiyatan iku, sak liyane nguweni hiburan kanggo masyarakat Banyuwangi, uga kanggo nulung anggota komunitas Antik Blambangan hang limang ulan sing melaku usahane. "Iki uga kanggo nguripaken ekonomine kanca-kanca pedagang barang antik, sakat usum pandemi sing nduwe pengasilan. Alhamdulllah, serta diwadhahi nyang kegiyatan iki akeh hang payu dodolane. Masiya gedigu hang lebih penting, kabeh wong hang teka ring kene kudu nganggo masker lan miloni protokol kesehatan kaya hang dituladhaaken ambi panitia", tambah Camat hang sing tau meneng ambi kegiyatan-kegiyatan kreatif iki.
Kanggo ngeramekaken acara, panitia uga nggelar hiburan musik ring panggung. Uga ana cafe, kadhung kepingin lungguh-lungguh ambi ndeleng barang antik. Naming hang paling dienteni pengunjung, yaiku lelang barang-barang antik mau hang dianakaken 2 dina sepisan. Barang-barang teka peserta pameran mau, dipajang ring panggonan husus, aju diwarah-warah liwat medsos kadhung arep dilelang. Pengunjung bisa weruh sak durunge, paran bain barang hang dilelang mau.
"Lelang iki pancen nyenengaken kanggone pengunjung, merga dibuka teka rega Rp, 5000. Aju diunggahaken kelipatan 5000 an, sampek rega mucuk nana hang nawa maning. Asile lumayan, lelang kawitan Minggu (9/08/2020) bengi, sampek ulih Rp. 14 juta lebih. Kahanan lelang uga nyenengaken, kabeh hang milu padha uber-uber rega serang kepingin nyang barang antik mau. Naming hang lebih penting maning, para pengunjung weruh sejarahe barang hang arep dituku mau teka penjelasane panitia lelang", tambah mantan Camat Singojuruh iki.
Kanggone lare enom, pameran barang-barang antik iki pance perlu dianaken sak kerepe. Tujuane mane lare-lare enom weruh sejarah jaman bengen, lewat barang-barang antik mau. Malah ana hang rumangsa kebantu gawe konten youtube, ambi anane acara iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Foto: Pak Cik
Editor: Antariksawan Jusuf







