Barong Ider Bumi Kemiren, Balik Nyang Kawitane
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 26 Mei 2020 07:18 WIB)
- Laporan
Tepak ana pageblug digi, uwong-uwong hing ulih nggawe kumpulan. Sasate kabeh acara wisata mandheg. Taping upacara Ider Bumi ring Kemiren magih digelar, merga upacara iki wit perkawite acara bersih desa kanggo ngilangi pageblug aju didadekaken tontonan wisata.
"Asal-usule kawitane Barong Ider Bumi ring Kemiren iku ya tujuwane kanggo ngusir pageblug. Lan sore iku dianakaken maning emeh padha ambi kawitane," jare Haidi Bing Slamet hang milu ring upacara Ider Bumi hang saben taun digelar ring dina lebaran kepindho. Taun iki ya magih miloni adat digelar ring Lebaran kepindho, dina Senin sore.
"Wong desa kene iki sing wanen ninggalaken weluri teka embah buyut taping ya magih miloni omongane pemerintah kanggo njaga makene sing ana kumpulane wong akeh lan ngelakoni upacara nganggo protokol kesehatan kanggo nyegah Covid19," jare Haidi.
Merga ana pageblug Korona iki, Ider Bumi taun iki mung dipiloni ambi grup barong sepuh Tresna Budaya, hang bengen dipimpin ruwahe Pak Pi'i.
"Mung ana wong loro hang njuged barong, loro pitik-pitikan lan enem panjak," jare Haidi. Ya mung wong sepuluh iku hang milu arak-arakan Ider Bumi, emeh padha ambi kawitane dianakaken Ider Bumi bengen.
Taun-taun biyasahe, arak-arakan Barong Ider Bumi dipiloni emeh kabeh werangkat desa. Taping taun iki mung ana grup barong sepuh, sing ana hang liyane.
Hing lali Ider Bumi sore iku dikawiti upacara ring kuburane Buyut Cili minangka sesepuhe wong Kemiren.
Merga ana covid19 iki, sore iku iring-iringan barong dikawal nyang petugas teka Gugus Tugas Covid19 kanggo mastekaken makene hing ana kumpulane wong hang ndeleng sak dawane dalan Kemiren, munggah mendhuwur sampek sanggar Genjah Arum, mudhun sampek watese desa aju munggah maning sampek umahe Pak Pi'i, jare Haidi hang nerusaken dadi pengendhang ngewarisi ruwahe bapake Buhari lan kakike Kik Pujan hang karo-karone dadi pengendhang ring grup barong Tresna Budaya hang umure wis atusan taun.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








