Barong “Sekar Putih” Benelanlor Kabat
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Desember 2021 14:46 WIB)
- Laporan
Kesenian Barong ring dhaerahisun iku wis anjrah anane, merga saben ana selametan sunatan mesthi akeh-akehe padha ngundang Barong dienggo ngeramekaken arak-arakan (husus hang mampu). Desanisun yaiku Desa Benelanlor hang ana ring Kecamatan Kabat duwe kesenian barong hang aran “Sekar Putih”.
Sejarahe hang dadi kawitan anane kesenian iki teka tangga desa yaiku Gombolirang, ring jaman semono desa Benelanlor durung nduweni kesenian barong dhewek. Sak melakune wektu barong hang ana ring desa Gombolirang iku ngadek lan nduweni aran seni barong “Karya Budaya Bhakti”. Kesenian baronge saya suwi tambah garus diundangi wong-wong hang nyunati anak-anake, sebab ring jaman iku barong perejenge ana loro hang nduweni ukuran gedhi, paran maning hang nggarai rame yaiku akeh kostum pendhukung liyane kaya dene bojog-bojogan, macan, manuk, ondhel-ondhel, ambi leak (rangde).
Hing kerasa mutere dina saya suwi kesenian baronge dituku ambi Man Suk wong Gumuk Sari yaiku salah siji dusun hang ana ring Desa Benelanlor. Teka kana aran barong hang kawitane diarani “Karya Budaya Bhakti” aju diganti nganggo aran “Sekar Putih”. Ngalihe pimpinan ndadekaken kesenian barong iku diinopasi maning hang sekirane bisa didhemeni ambi lalare cilik, paran maning nyang wong tuwek-tuwek uga milu ring miline jaman moderen.
Kesenian hang wis dibangun maning, sukure ndadekaken undangan baronge bisa rame maning sebabe wis akeh hang beda teka hang sedurunge, paran maning kadhung ngomongaken undangan malah sampek pulau Bali. Ring jaman semono saya suwi kesenian baronge ganti maning hang mimpin sampek saiki yaiku wis dituku ambi pak Lori. Pak Lori ya duwe inopasi gedigu pisan tepak wis tuku kesenian baronge, malah digawe apik uga jangkep maning. Sampek saiki hang bengene sing ana barong Baline saiki wis ana, uga saiki wis didelehi ogoh-ogoh loro akehe. Tambah dawa lan rame maning kesenian barong “Sekar Putih” ring jamane pak Lori, sampek akeh hang padha kepingin milu keseniane serang apike inopasi hang nggarai masarakat desa Benelanlor lan desa-desa liyane padha gupuh kepingin ngundang.
Seni baronge biyasah tampil rong rondhe yaiku bisa arak arakan sulung utawa bisa atraksi sulung, hang penting sak dhemene tuan rumah. Kadhung arak-arakane Barong Sekar Putih ya padha kaya dene arak-arakan barong liyane hang ana ring Banyuwangi biyasahe, tapi hang mbedakaken tepak atraksi. Seni barong “Sekar Putih” nampilaken kesenian barong hang dimodhel campursarian uga akeh sithik tampilane manut nyang karepe tuan rumah hang ngundang, hang biyasah ditampilaken ring atraksi yaiku Jaranan Buta, Gandrung, nyuguhaken lagu lagu Using, tari manuk, tari Rangde + Barong Bali, lan tari Barong. Suguhan tampilan iku wis dadi pakeme lan semono uga hang bisa dilakoni ambi rombongan grup seni Barong “Sekar Putih”. Kadhung tepak weruh ana hiburan kreasi tambahan ring panggonan liya iku ya biyasahe ana ateraksi sumbangan utawa bintang tamu hang diundang dhewek ambi tuan rumah.
Kadhung teka anggotane, kabeh hang milu ring seni barong “Sekar Putih” dudu teka desa Benelanlor thok tapi ya ana hang teka njaba desa kerana mula kesenian barong mung dienggo hiburan hang sing bisa digawe pegaweyan, sebab ya undangan teka tuan rumah ya hing saben dina, terus bayarane ya hing cukup kanggo ngebeki kebutuhan urip ring saben dinane, uga hang milu nduweni umur sakat hang cilik sampek ana hang tuwek, dadi kadhang pirang tahun ana salah siji lalare hang metu teka grup lan ana bain hang buru milu ring grup seni barong “Sekar Putih”. Pergantian anggota iku wis lumrah teka kesenian barong iku malah ya hing sampek setahun kadhang ana hang wis leren lan sing kepingin milu maning. Pokoke rasa kepingin ngelestarikaken, rasa kepingin golet hiburan, uga ana hang milu kerana diajak kancane hang wis milu sulung campur dadi siji sampek niyatan dibarengi ambi rasa betah tah using ring grup iku.
Sampek tahun 2021, kesenian barong “Sekar Putih” magih langgeng dicekel ambi Pak Lori hang dadi pimpinane masiya tah saiki magih ana pageblug korona pak Lori magih kuwat njaga uga nguripi kesenian baronge makene sing mati. Malah sampek rungu kabar kadhung gara-gara korona iki barong “Sekar Putih” arep diedol tapi iku mauka mung omongan. Jare hang sakbenere ya hing bakal diedol. Sukure masiya korona, magih bisa kundangan masiya arang-arang uga hing kaya biyasahe kundangan ring sedurunge ana korona.
Kadhangane kadhung wis tepak ulan pasaan, pam Lori minangka ketuane kesenian baronge ngulihaken kelawan ihlas tabuhane diselang ambi lalare nom kanggo patrol nggugah sahur ring desa Benelanlor. Merga apike pak Lori iku nggarai lalare semangat uga masarakat ya sing keganggu ring suwara hang diunekaken ring patrole lalare enom desa Benelanlor, sebab biyasahe patrol mesthi nggawe alat musik hang bahane teka jajang kaya dene kenthongan. Tapi hang dienggo patrol malah alat musik barong hang memang setemene patrol nganggo alat musik kesenian wis dadi pekara hang biyasah ring masarakat sakubengan tangga desa Benelanlor. Jare pak Lori dhewek hang penting alat-alat iku mauka dibalekaken ring panggonane.
Hang sun arep-arep muga bain kesenian barong “Sekar Putih” magih terus dijaga ambi pak Lori hang sun reken dadi penerus hang nguri-uri kesenian grup iku hang bisa diinopasi dadi lebih apik lan rame. Isun dhewek, masarakat Benelanlor, uga kanca-kanca hang magih milu ring grup iku ngarepaken muga aja sampek diedol utawa ngalih tangan nyang wong njaba desa sebab karepisun desa Benelanlor iku bakale apik lan unik uga rame kadhung ana grup kesenian. Sak liyane iku ya akeh lalare cilik hang magih padha dhemen nyang kesenian barong masiya saiki wis jaman HP Andoid, game online, uga wifi.
Alhamdulillah, masiya magih kealang korona kundangan baronge magih bisa kelaksan tapi mung diwatesi waktu uga penampilane. Ring sakubengane desa mung bisa ngarak thok lan hing ulih ana atraksine. Tapi dadiya sithik sun sawang ring matane lalare iku wis katon girang kerana hing ngempet main maning, saiki wis bisa dilakoni masiya hing kari rame jadwal kundangane kaya sedurunge ana korona. Kabeh para kanca ya tetep guyub lan sak suwara kanggo ngarep-arep dhung korona gelisa mari lan kesenian sak Banyuwangi bisa main kaya biyasahe.
Hun yakin magih akeh kesenian barong ring saben-saben desa sak werane Banyuwangi hang kepingin terus lestari paran maning aheke minat teka lalare wadon pisan masiya tetep kudu diawasi makene sing ngerusak ring pakem kesenian barong iku dhewek. Hang penting anane kesenian iku dudu marekaken ring kemusrikan tapi ring lestarine kesenian hang wis taun-taunan urip ring kutha Banyuwangi.
Ya ana maning hang nggarai lestarine kesenian barong hususe ring desa Benelanlor dhewek yaiku lalare cilik hang masiya ana hiburan moderen kaya HL tapi lalare magih dhemen nyang memengan barong-barongan hang digawe teka bahan-bahan sak anane kaya dene kerdus, jabil, jajang, sarung, kursi, pokok sembarang kalir kreasine lalare cilik hang nduweni imajinasi lan kreatipitas dhuwur bisa nguri-uri ring dina mbisuke.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf






